“Dhosen
iki mbijine karo merem tah piye?” takonku marang Dewi kanthi emosi. Nasibe ya
padha karo aku entuk biji “D” ing mata kuliah Metodologi Penelitian.
“Mbuh, dhosen gemblung,” Dewi uga nggremeng
emosi.
Tak sawang maneh kertas putih sing katulis
biji-bijiku semester 7 wingi. Atiku keranta-ranta ndeleng ana biji “D” ing
kana.
Aku ndremimil turut dalan. Atiku ngomel
terus. Rasane kudu gembor-gembor ing tengah lapangan ben atiku rada ayem.
Mangkel.
***
Tas slempangku tak uncalna ing meja
tamu ngarepe ibu. Banjur tak tibakna bokongku ing sofa. Lambeku mbethuthut, tanganku
sedhakep. Kudu ngamuk terus rasane. Arrrrghhh!
Ibu ngangkat sirahe, ndeleng raiku sing
semrawut, “Kenapa ta Rin?” pandangune ibu.
“Huh!” jawabku “aku ngulang mata kuliah siji
maneh Bu. Dhosene gemblung!”
“Hush!” Ibu ngadeg lan nyedhaki aku, banjur
lenggah ing sandhingku. “Aja ngomong ngono, ora ilok. Dhosen kuwi guru kang
menehi kepinteran marang kowe.”
Lambeku isih mbethuthut, saya dawa mengarep
sajake. “Lha piye maneh Bu? Mosok aku entuk ‘D’. Padahal sing nggarap tugas
kelompok wingi mung aku thok. Tapi kanca sak kelompokku entuk biji A lan B”
panggresahku, “Dhosene ora adil iki,” imbuhku.
Rambutku dielus-elus dening ibu. “Ana
semester pendhek kanggo ngulang ta? Dimanfaatke wae,” pamrayogane ibu.
“Nanging Bu… rasane ora adil blas. Sing ora
nggarap apa-apa isa entuk ‘A’. Sebel aku karo dhosen iku. Iki mata kuliah
penting kanggo nggarap skripsi.”
“Aja sebel karo dhosene dhewe, ora barokah
ilmune.”
Dhuh, ibu malah mbelani dhosenku. Kudu tak
dhemo wae dhosen iku.
“Sing penting dudu biji, Rin. Tapi kemampuanmu,
kepinteranmu. Buktekna mengko pas gawe skripsi kowe kudu bisa cepet rampunge
kanthi asil kang apik.”
“Nanging kan ribet, ngulang maneh,” aku isih
ngeyel bae. Tenan, rasane mangkel. Aku ngadeg banjur mlebu kamar. Ibu ora
bisa nyuda bebanku. Tambah mangkel maneh ibu malah ceramah sing ora penting.
Ibuku pancen ora tau kuliah. Ora ngerti
rasane ngulang lan entuk biji “D”. Wusanane aku kepeksa mbaleni maneh ing
semester cekak….
***
Dina iki, dina kang penting banget kanggo
aku. Dina sing tak tunggu-tunggu kanthi wektu patang taun. Dina kang sejarahe
ora bakal tak lalekake. Bapak lan Ibu bisa bangga marang aku. Jalaran dina iki
aku nganggo jubah ireng lan toga ing ndhuwur sirahku. Riasanku uga apik tenan,
merga ibu sengaja ngundang tukang rias manten kanggo nata aku.
“Dhuh ayune anake Ibu….”
Aku mung mesem merga isin dielem ibu kaya
ngono.
“Anakmu iki pancen ayu kawit lair Bu.” Aku
mesem maneh, mamerke lambeku sing abang lombok.
***
Acara wis dimulai. Aku lungguh ing kursi
wisudawan-wisudawati. Ibu lan bapak ana ing dheretan kursi keluarga wisudawan.
Atiku dheg-dhegan merga dina iki aku bisa
nyenengake bapak ibuku kanthi diwisuda dadi sarjana. Nanging sadurunge wisuda
ditindakake dening bapak rektor, ana pengumuman saka pembawa acara kampus.
“Wisudawan paling apik angkatan taun iki
yakuwi…. Selamat marang Rini Wulandari….”
Suara keplok ambata rubuh ngebaki gedung
auditorium kampusku. Lan aku mung kami tenggengen ora percaya marang apa sing
lagi bae tak rungu. Tenan, rasane aku ora percaya kedadeyan dina iki. Nanging
iki nyata. Aku ora lagi ngimpi.
Wusanane aku ngadeg saka kursiku, banjur
maju mengarep, munggah panggung kanggo nampa penghargaan lan aweh pidhato
singkat. Tak sawang ibu lan bapakku katon bangga lan bungah.
Pranyata dhawuhe ibu ndhisik kae
bener. Sing penting dudu biji, nanging kemampuan sing bisa dibuktekna. Aku bisa
skripsi cepet kanthi asil apik. Lha kanca-kanca kelompokku sing entuk nilai “A”
wingi, malah skripsine durung rampung-rampung. Aku dadi isin marang awakku
dhewe. Apamaneh yen kelingan mangkel karo Pak Wawan. Ngapuranen mahasiswamu Pak Dhosen…. Biji “D” sing
mbok wehi bisa gawe aku luwih semangat sinau, batinku.***
(Mohammad
Abdurrohman)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar