ajaa kokjak aku mabur ing tawang
yen amung tekan tengahing padhang
ora katekan midak rembulan
bakale wurung saka tembung kasampurnan
ajaa kokjak aku menyang segara
yen amung tekan madyaning ombak
ora gambuh ing pinggir tanah sabrang
malah kelangan cekelan bakale ambyar si kapal
awake dhewe ilang saka kasunyatan
wis ta kang
ora susah sumelang
yen pancene lemah kang kanggo pidakan
nadyan apek, nanging tansah nuwuhake kabegjan
yen pancene kali wis cukup kanggo luru sandhang pangan
ora susah kokgawekake kapal
ngentekake ragad pirang-pirang
nanging tujune durung cetha
papan ngendi olehe mapan
semana uga pisungsun arupa tembung
kang kokgawe sambung sinambung
saben dina kokungelake
nambani rasa suwung,
puncere nggondheli ana ngendi ati iki kadunung
aku ora karep lamismu
lan ora gelem nimbal mangsuli reridhumu
sing takbutuhake amung wujudmu
jasadmu lan nyatane blegermu
kang tansah hambarengi laku setyaku
wis kang ayo mulih omah
wis takadangake beras kang wingi turah
yen amung tekan tengahing padhang
ora katekan midak rembulan
bakale wurung saka tembung kasampurnan
ajaa kokjak aku menyang segara
yen amung tekan madyaning ombak
ora gambuh ing pinggir tanah sabrang
malah kelangan cekelan bakale ambyar si kapal
awake dhewe ilang saka kasunyatan
wis ta kang
ora susah sumelang
yen pancene lemah kang kanggo pidakan
nadyan apek, nanging tansah nuwuhake kabegjan
yen pancene kali wis cukup kanggo luru sandhang pangan
ora susah kokgawekake kapal
ngentekake ragad pirang-pirang
nanging tujune durung cetha
papan ngendi olehe mapan
semana uga pisungsun arupa tembung
kang kokgawe sambung sinambung
saben dina kokungelake
nambani rasa suwung,
puncere nggondheli ana ngendi ati iki kadunung
aku ora karep lamismu
lan ora gelem nimbal mangsuli reridhumu
sing takbutuhake amung wujudmu
jasadmu lan nyatane blegermu
kang tansah hambarengi laku setyaku
wis kang ayo mulih omah
wis takadangake beras kang wingi turah
Tidak ada komentar:
Posting Komentar