Saben dina sakdurunge mangkat sekolah, aku nyetel
radio. Mung pengin ngrungokake suwarane Santi. Penyiar radio Mentari kang
suwarane tansah nggodha ati. Pokoke saben esukku saiki dadi nyenengake.“Isih
karo Santi ana ing progam Wilujeng Enjing…. Sing arep sekolah utawa nyambut
gawe ngati-ati ing dalan ya… aja nganti kesandhung…” ujare Santi semu ngguyoni.Bengine
uga ora tau keri aku ngrungokake suwarane Santi anggone siaran kanthi program
“Serat Tresna.” Aku nganti lila ninggalna acara TV sing isine joget-joget kuwi.
Serat Tresna, iku lho program sing maca surat saka pengirim kanggo wong sing
dituju. Dhuh, aku ya ngirim terus, nanging ora tak wenehi tujuan kang jelas
surat iku kanggo sapa. Mangka satemene ya kanggo Santi dhewe he he . . .***“Aja
kesupen ndherek lomba foto narsis sing hadiahe dhahar dalu bareng salah sijine
penyiar Mentari,” unine iklan ing radio Mentari mau. Wih… dhahar dalu bareng
penyiar? Wah… iki kesempatanku kanggo ketemu Santi. Aku kudu melu lomba
iki!Tak semak maneh carane melu lomba kuwi, “Carane gampang. Upload foto narsismu ing facebook Radio Mentari. Sapa
sing entuk like paling
akeh bakal menang. Bakal ana wong telu kang entuk kesempatan dhahar dalu
kaliyan penyiar Mentari.”Carane gampang. Tapi koyoke kudu usaha gedhe iki,
batinku. Mangka kancafacebook-ku
lagi ana wong 200 an.Mulih sekolah, aku langsung menyang studio foto. Foto
narsisku hasile kudu maksimal, supaya akeh sing nge-like mengkone. Ora apa-apa ngetokake dhuwit
rada akeh, sing penting bisa ketemu Santi.“Mas, hasile sampean gawe sing jos,”
ujarku marang mas fotografer. Mase mau mung menehi jempol tangane, “Sip.”Aku
foto ping pindho, ganti busana ping pindho uga. Sing pertama, nganggo kaos
kuning lan jaket jeans.
Busana kang kaping pindho rada formal, hem lengen dawa werna abang ati
dilebokake sak clana jeans.
Sepatune tetep, moccasin.
Wis mantep pokoke, nek nganti ora ana sing nge-like ya kebangeten! Wong ngganthenge kaya ngene
kok!“Njaluk file fotone
bae, lebokke nyang flashdisk-ku,
Mas” kandhaku marang mas fotografer mau sinambi menehake flashdisk rong giga-ku.Tekan omah banjur tak upload lan langsung promosi
fotoku marang kanca-kancaku ing facebook supaya
gelem menehi like marang
fotoku kuwi.Jelas bakal menang aku mengko, lan sing tak pilih kanggo kanca
dhahar dalu mesthi wae Santi, penyiar favoritku, batinku manteppp!***Saben
dina tak cek foto-foto ing facebook-ke
radio Mentari. Ngecek siji-siji jumlahlike foto-foto
mau, lan ora ketinggalan fotoku dewe.Dhuh, pranyata rada angel. Sebab saingane
uakeeh banget. Aku promosi meneh marang kanca-kanca lewat inbox supaya gelem nge-like, kanggone sing durung nge-like. Ora cukup semono, aku uga
gawe facebook maneh,
golek kanca maneh, lan promosi maneh. Pokoke aku pengin menang, aku pengin
ketemu Santi. Supaya bisa ngerti rupane, lan kenalan langsung marang penyiar
pujaan kuwi.Aku terus promosi foto nganti sewulan lan nganti bates lombane
entek.***Ing ngarepku wis ana lilin kang uripe cilik. Genine mobat-mabit kena
angin. Jarene ngene iki sing jenenge candles
love. Ing sisih panggonanku lungguh malah ana kolam renange kang
endah, kanthi efek cahaya werna biru, ora lali uga akeh lilin kang kemambang
ing banyu. Puih endaa…h banget. Ora nggumunake iki pancen pesta makan malam
kang istimewa. Lan aku dadi salah siji tamu agunge.Mejaku cedhak karo meja
pemenang liyane. Aku entuk juara siji, lan pilihan teman makanku tetep kaya
sing wis tak tulis nalika ndhaftar ndhisik, Santi!Ana wong wadon loro mlaku
menyang arah mejaku. Kekarone nganggo jarik putih kang endah. “Sapa kuwi?”
takokku marang awakku dewe, “Geneya sing kiwa ndadak digandheng barang? O…
sajake wuta,” batinku maneh.Wong wadon loro mau mandheg ing ngarep mejaku. Wong
wadon sing sisih tengen kuwi banjur ngomong; “Niki Mbak Santi mase ingkang
badhe dhahar sesarengan kalih mase.”Blaik! Awakku sakala kaya kesetrum listrik.
Bener iki Santi penyiar favoritku? Aku mati lungguh sedhela. Lagi ngerti aku,
Santi kuwi pranyata penyiar tuna netra. Nanging aku dadi saya kagum marang
dheweke. Ora salah anggonku favorit marang Santi…. **
Minggu, 23 November 2014
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
Sepanjang sejarahnya, aksara Jawa ditulis dengan sejumlah media yang berganti-ganti seiring waktu. Aksara Kawi yang menjadi nenek moya...

-
OTO MOGOK Tiga priyayi yang mengalami kesusahan dalam perjalanan yang dingin, yaitu mogoknya mobil yang ditumpangi karena mesin yang ru...
-
Macapat iki uga sinebut tembang macapat asli, kang umumé dienggo sumrambah ing ngendi-ngendi. Urut-urutané tembang Jawa iku padha karo lela...
-
Ater-ater saliyane ater-ater hanuswara karo tripurusa cacahe ana 13, yaiku sa , pa , pi , pra , tar , ka , kuma , kapi , kami , a...
Tidak ada komentar:
Posting Komentar