Taksih kelingan ing awang-awang ku
Nalika srengenge nembe kelangan sorote
Sliramu sungkem ing pangarepanku
Tanganku kok gegem rumaket
Tak jarna sinjangku teles marga luhmu
Nanging,
Apa ora kok deleng raiku kang kisut ?
Apa ora kok deleng cemeng ing rambutku samsaya pethak ?
Apa ora kok deleng gegerku kanh nora bisa jejeg maneh ?
Awakku wus ora enom maneh, le
Aku ora anduweni sapa-sapa maneh saliyane sliramu
Sliramu ngucap yen sira lunga kanggo ibu pertiwi
Nanging kena apa sliramu malah rila lunga ninggalake ibu liyane ? ibumu dhewe ?
Kudune awakku wus ngerti kahanan kaya mangkene bakal tumeka
Wiwit sliramu milih dadi tentara
Aku ngerti bangete anggonmu gething marang para walanda iku
Kang wus agawe rama lan kangmasmu lunga kanggo salawase
Sliramu ngucap yen sira bakal mulih kanthi slamet
Kepriye aku bakal percaya ?
Yen sliramu yakin kita bakal menang
Kena apa luhmu temetes kanthi deres ?
Apa iku ora ngisyaratke yen sliramu uga ora yakin
Sliramu bisa mulih kanthi slamet ?
Awaku namung anduweni panyuwunan siji
Aja lunga, aja lunga,
Aja lunga, anakku.
Dening : Rida Adrika

Tidak ada komentar:
Posting Komentar