Senin, 05 Januari 2015

Tembung Sanalika


Tembung sanalika iku tembung ing basa Jawa kanggo nggambaraké kahanan sing lumaku sanalika. Ing sawetara panggonan tembung iki kadhangkala didhisiki nganggo tembung mak. Tuladha: "ambruk mak brug", "dicandhak mak ceg", "geniné murub mak bel".
Conto tembung sanalika antara liya:
  • Ambles bles
  • Ambruk brug
  • Anjlog jleg
  • Bali cengkélak
  • Bayar jrèng
  • Buwang brung
  • Bukak byak
  • Candhak ceg
  • Dhodhok prok
  • Dudut ler
  • Emplok telep
  • Esok glogok
  • Gebug bleg
  • Géndhong nyeng
  • Gorèng srèng
  • Gulung klunthung
  • Gunting krès
  • Gauy ger
  • Iris krès
  • Jèwèr wir
  • Jiwit cekit
  • Junjung kriyeng
  • Jupuk clemut
  • Kethok thel
  • Lunga klépat
  • Lungguh prok
  • Mabur bleber
  • Mati seg
  • Mandheg greg
  • Méncok cok
  • Metu jedhul
  • Mlebu bleng
  • Mlayu jranthal
  • Mumbul dhel
  • Murup bel
  • Nabok plek
  • Ngadeg nyat
  • Ngombé glenggeng, cleguk
  • Nyéngklak cémplo
  • Padhang byar
  • Pecah byar
  • Pedhot dhel
  • Peteng pet
  • Sabet bet
  • Saut ceg
  • Sigar byak
  • Sila ngetheker
  • Suduk crès
  • Sumet bel
  • Suwèk rekètèk
  • Talèni set
  • Tangi grégah
  • Tarik regedeg
  • Tiba brug
  • Tugel thel
  • Turu gléthak
  • Tutup kekep
  • Ulu legender
  • Uyup sruput
  • Wutah sok
  • Sawengi natas
  • Sedhih nglangut
  • Suwung brung
  • Sepi nyenyet, mamring
  • Siji thil
  • Sirna gempang
  • Sugih mblegedhu, mbrèwu
  • Suwé nglangut
  • Tangèh lamun
  • Tani utun
  • Teles kebes
  • Telu selu
  • Terang gumlintang, sumilak
  • Tumpes tapis
  • Turu kepati, nglepus
  • Udan nggrejèh



http://basajawasma.blogspot.com/search/label/Tembung

Minggu, 04 Januari 2015

Tembung Lingga

Tembung lingga iku tembung sing durung owah saka asalé (tembung asal). Tembung lingga duwé teges kang bisa béda nalika wis diwènèhi ater-ater utawa panambang kang banjur dadi Tembung Andhahan.
Tuladha:
  • sapu
  • pangan
  • arit
  • lsp

Tembung Andhahan

Tembung Andhahan iku tembung kang wus owah seka asliné (tembung lingga). Ing basa Indonesia, tembung andhahan diarani kata jadian. Tambahan saka tembung lingga iku bisa arupa siji utawa campuran seka:

Umpamane:
  • katresnan seka ka+tresna+an.
  • lumingsir seka lingsir antuk sisipan um.

Ater-ater Hanuswara

Ater-ater hanuswara uga diarani ater-ater kang nganggo swara irung amarga swarane kang mbrengengeng . Kang kalebu ater-ater hanuswara yaiku ananyamang. Ater-ater hanuswara lumrahe ateges solah tingkah utawa nindakake pagaweyan. Ater-ater uga lumrah mratelakake tembung "tanduk" (aktip).
Tuladha: am + watu = amwatu = matu -(p, luluh)
an + tandur = antandur = nandur -(t, luluh)
any + cakot = anycakot = nyakot -(c, luluh)
ang + wetan = angwetan = ngetan -(w, luluh)

Ater-ater

Ater-ater iku wuwuhan kang dumunung ing sangareping tembung lingga ing pacelathonan . Yen ing basa Indonesia diarani awalan, yen ing basa Inggrisdiarani prefix . Tembung "prefix" kadadeyan saka tembung lingga fix kang nduweni teges "nambahi" lan ater-ater "pre-" nduweni teges "sadurunge".
Tuladha: daktuku = dak + tuku = aku sing tuku
Ing basa Jawa, ater-ater iki kabagi dadi telu, yaiku: hanuswara, tripurusa, lan ater-ater liya.

Ater-ater Tripurusa

Ater-ater tripurusa yaiku ater-ater kang mujudake sesulih purusa. Ater-ater tripurusa iku kosokbalene ater-ater hanuswara. Beda karo ater-ater hanuswara, dene ater-ater tripurusa mratelake tembung "tanggap" (pasip). Cacahe ater-ater tripurusa ana telu, yaiku takkodi.
Tuladha: dak + pangan = dakpangan
ko + pangan = kopangan
di + pangan = dipangan

Seselan

Sisipan utawi Seselan wonten ing Basa Jawi punika namung wonten sekawan werni, inggih punika: "er", "el", "um", "in".
  • crekot, saking tembung cekot tegesipun pating/pijer.
  • trambal, saking tembung tambal, tegesipun pating/kathah.
  • dlèwèr, saking tembung dèwèr, tegesipun pating/pijer.
  • sliri, saking tembung siri, tegesipun pating.
Seselan "er" lan" "el" wonten ing salebeting tembung, racakipun lajeng dados satunggal kaliyan tembung wau, saéngga lingganipun tembung wau mboten saged cetha. Déné ingkang saged cetha lingganipun menawi kaseselan "um" lan "in".
  1. Tumandang lingganipun tandang tegesipun kriya.
  2. Rumujak, lingganipun: rujak, tegesipun: nedheng nedhengipun.
  3. Kumaki, lingganipun: kaki, tegesipun: anggepé kados.
  4. Jinambak, lingganipun: jambak, tegesipun: di .............
  5. Tinulis, lingganipun: tulis, tegesipun: di ............
Menawi aksara wiwitan tembung wonten "w", "p', "b", lajeng éwah dados "k" utawi "g".
  • ayu - kumayu, tegesipun: anggènipun kados .......
  • emping - kumemping, tegesipun: saweg eca ecanipun dipun ......
  • wasis - kumasis, tegesipun: kados tiyang .......
  • pinter - kuminter, tegesipun: kados tiyang ......
  • bagus - gumagus, tegesipun: kados tiyang ......

Ater-ater sakliyane Ater-ater Tripurusa lan Ater-ater Hanuswara

Ater-ater saliyane ater-ater hanuswara karo tripurusa cacahe ana 13, yaiku sapapipratarkakumakapikamiamapanpang.
Tuladha: sa + esuk = saesuk = sakesuk -(wuwuh k)= siji
pa + emut = pemut
pi + kukuh = pikukuh
pra + jurit = prajurit
tar + waca = tarwaca = terwaca
ka + jupuk = kajupuk -(dijupuk= njarag)
kuma + wani = kumawani -(luwih)
kami + tengeng = kamitengeng (en)
kapi + luyu` = kapilunyu

Panambang

Panambang iku pocapan utawa tembung kang diselehake ing pungkasane tembung kang bisa ngowahi arti seka tembung linggane. Yen ing basa Indonesiapanambang iku disebut akhiran. Panambang ing basa Jawa yaiku: aieenanaakénaniku, lan mu.
Tuladha:
  • rasa +  --> rasané
  • karep + mu ---> karepmu

Tembung Rangkep

Tembung Rangkep (Basa Indonésia: Kata ulang), kuwi sakabèhing tembung (senadyan mung sawanda), kang diwaca kaping pindho. Tembung Rangkep iki dibédakaké dadi telung werna, yakuwi: tembung dwilingga, tembung dwipurwa lan tembung dwiwasana.

Tembung Dwilingga

Miturut owah orané lingga

  • Dwilingga padha swara, yakuwi tembung kang diwaca kabèh linggané kaping pindho. Contoné: ibu-ibu, bapak-bapak, ésuk-ésuk, ramé-ramé.
  • Dwilingga salin swara, yakuwi tembung kang diwaca kaping pindho nanging ana wanda vokal kang owah. Contoné: mloka-mlaku, mleba-mlebu, meta-metu, mrana-mréné.


Miturut tegesé

Tembung dwilingga bisa dipérang miturut tegesé utawa dadiné, yaiku:
  • Dadi tembung aran. Conto: undur-unduruget-ugetalang-alang, ari-ari, ali-ali.
  • Dadi tembung kahanan. Conto: mangar-mangar, kelap-kelap, rintik-rintik.
  • Mbangetaké. Conto: Aja asin-asin (aja asin banget), Aja seru-seru (aja seru banget).
  • Tansah. Conto: Wis ajar kok ora isa-isa (tansah ora bisa), Arep wiwit maca kok lali-lali waé (tansah lali).
  • Senadyan. Conto: Alon-alon (senadyan alon), cilik-cilik (senadyan cilik).
  • Wektu. Conto: Awan-awan, bengi-bengi, bedhug-bedhug.
  • Paling. Conto: Murah-murahé, akèh-akèhé, larang-larangé.

Tembung Dwipurwa lan Dwiwasana

Tembung Dwipurwa kuwi tembung kang diwaca kaping pindho mung ing wanda kang pisanan baé. Conto: dedunung, tetuku, lelaku, leluri.

Tembung Dwiwasana kuwi tembung kang diwaca kaping pindho mung ing wanda kang kapindho (mburi. Conto: cekikik, cekakak, jelalat, mbedhudhug, jegègès,

http://basajawasma.blogspot.com/search/label/Tembung

Widyatembung

Ingkang dipunwastani widyatembung punika rerangkèning swanten ingkang kawedhar saking salebeting tutuk ingkang ngemu teges saha kamangretosan suraosipun. Widyatembung utawi tata tembung punika kalebet sempalaning paramasastra ingkang ngrembag saha nyinau bab tembung, dumadosing tembung, saha ewahipun satunggaling tembung dados tembung sanès karana pikantuk wuwuhan utawi imbuhan.

http://basajawasma.blogspot.com/search/label/Tembung

Tembung Tanggap

Tembung tanggap yakuwi tembung lingga jroning Basa Jawa sing diwuwuhi ater-ater tripurusa (dak-, ko-, lan di-) lan seselan -in. Jinisé tembung tanggap anapapat[1].
  • Tembung tanggap tripurusa, yaiku tembung lingga sing diwuwuhi ater-ater tripurusa. Tuladha: dakpangan, kojupuk, dibalangi.
  • Tembung tanggap na, yaiku sing diwuwuhi seselan -in. Tuladha: tinulis, sinengkakaké.
  • Tembung tanggap tarung, yaiku tembung dwilingga sing diwuwuhi seselan in tripurusa. Tuladha: sawang-sinawang, serat-sinerat.
  • Tembung tanggap ka, yaiku tembung tanggap sing diwuwuhi ater-ater ka-. Tuladha: kaobong, kagéndhong.

Pandawa

Para Pandhawa Lima (basa Sansekreta: Pañca Pāṇḍava) iku Prabu Yudhistira, Bima, Arjuna, Nakula, lan Sadewa.

Lima paraga iki turunane Prabu Pandhu kang dadi raja ing Astina. Pandhu disepata dening dewa bakal mati yen saresmi karo garwane. Pandhu nerjang wewaler lan banjur mati. Dewi Madrim, garwane, melu belapati, kamangka nalika iku lagi nggarbini. Nalika suduk salira iku lair Nakula lan Sadewa kang kembar. Dene Yudhistira, Bima, lan Arjuna lair seka Dewi Kunti. Sadurunge karo Pandhu, Dewi Kunthi nate nglairake bayi kang banjur diwenehi jeneng Suryatmaja.
Pandhawa dadi satru Kurawa ing Bharatayudha. Dene, Suryatmaja melu Kurawa nglawan sedulur-sedulure dhewe.
Pandhawa, ing budaya Jawa, mlebu wong-wong kang kudu diruwat. Yen ora diruwat bakal dipangan Bathara Kala.

Yudhistira

Jeneng Yudhistira, ing crita Jawa, asline dianggo dening raja jin ing alas Mertani. Ing lakon Babad Alas Mertani, Pandhawa kasil ngalahake jin-jin ing alas kuwi. Yudhistira manjing ana ing ragane Puntadewa, pembarepe Pandhawa. Jeneng Yudhistira luwih kondhang dienggo dening Puntadewa kang banjur dadi raja ing Amarta, Indraprasta, iya Cintakapura, utawa Batanakawarsa, sing tilas alas Mertani.


Ing Mahabharata, Yudhistira (utawa tinulis Yudisthira) iku ya Puntadewa dhewe. Dheweke lair saka bun-bunan Dewi Kunti, mula saka iku dijenengiPuntadewa kang tegese punjering kaluhuran. Yudhistira dhewe maknane raja prajurit. Ing Mahabharata, Pandhawa duwe bojo kang padha, yaikuDewi Drupadhi (poliandri). Nanging ing wayang, Drupadhi iku bojone Puntadewa. Seka jejodhoan iki nuwuhake Pancawala.
Ing padhalangan, Puntadewa iku putra pembarepe Prabu Pandhu Dewanata (ratu Astina) lan Dewi Kunthi. Dasanamane, Yudhistira, Darmakusuma, Darmaputra, Darmaraja, Darmawangsa, Wijakangka(Dwijakangka), Gunatalikrama,Samiaji, lan Sang Ajathasatru. Miturut layang Mahabharata,salugune Puntadewa putrane Bathara Dharma, dewane keadilan, srana Bathara Dharma manunggalake rasane karo Dewi Kunthi kang mateg dayane aji Adityahredaya (yen miturut padhalangan "mateg aji Panggendaming dewa" kang aran Puntawekasing Rasa Tunggal Sabda tanpa Lawanan). Rehne bab mau rinasa kurang trep ing bebrayan Jawa, mula dening para pujangga kita banjur diowahi, di jumbuhake laro tuntunan budaya Jawa lan kapribaden Jawa kang isine yane peputra ora karo bojone dhewe kuwi klebu tumindak sing nistha. Mulane ing crita padhalangan, Puntadewa iku putrane Prabu pandu, ratu ing Astina (Ngastina) lan Dewi Kunthi, dene Bathara Dharma kuwi dadi bapa angkate, kang uga banjur manitis ana anggane untadewa. Mula saka iku, Puntadewa uga sinebut Darmakusuma. Garwa prameswarine Prabu Puntadewa iku mung siji, Dewi Drupadi, putrine Prabu Drupada, ratu ing negara Pancala iya Cempala. Karo Dewi Drupadi banjur peputra siji aran Pancawala.

Ing versi Mahabharata India, Yudhistira pinter olah kaprajuritan lan gagah nalika perang. Yudhistira iku artine raja prajurit. Nanging ing crita Jawa, Yudhistira iya Puntadewa iku kondhang kadidene titah ludira seta. Kang mengkono mau kagawa saka watake sing jujur, salawase urip ora gelem dhora (ngapusi. Dhemen tetulung kepara apa sing didarbeki yen dijaluk wong liya diwenehake. Mula Puntadewa uga kondhang sinebut manungsa lega donya lila ing pati.
Minangka tuladha, ing lakon Indrajala Maling (lakon carangan), Prabu Puntadewa ditembung dijaluk patine kanggo numbali wewalak ing negara Buluketiga. Sang Prabu ya manut. Dhirine dipasrahake. Ngenani wewatakane paraga siji iki, oncek-oncekane utawa anggone ndudah kudu permati. Awit akeh bab-babe sing rasane angel ditrapake ing sajroning penguripane wong sawantah.
Ing lakon Baratayuda, Prabu Puntadewa tetep nglenggahi watake sing ora gelem ngapusi. nalika Pandhita Durna madeg senopati agung, kabeh Pandhawa rumangsa bingung. Sebab, dikaya ngapaa wae Pandhita Durna kuwi gurune Pandhawa. Apa hiya murid arep wani marang gurune ?
Untung Prabu Kresna ora kurang iguh pertikele. Terus sing didhawuhi ngadhepi Pandhita Durna iku putra Pancala, Raden Dhresthajumena. Kresna mung dhawuh marang Werkudara supaya merjaya gajah titihane senopati pengampinmg (Prabu Prameya) kang aran Gajah Esthitama. Sawise gajah kelakon mati dikepruk gada Rujakpolo, kabeh wadya Pandhawa banjur kadhawuhan alok yen Esthitama mati. Pamirenge Pandhita Durna sing mati mau Aswatama. Mula Pandhita Durna banjur nglumpruk otot bebayune, kaya wis kelangan daya. Kanthi ati sing bingung, urna banjur takon mrana-mrene, kalebu marang para panakawan, marang Werkudara, arjuna, Nakula, sadewa, lan sapitutrute. Kabeh anggone mangsuli padha gelem dhora yen Aswatama pancen mati. Durna akhire takon marang Puntadewa. bareng ditakoni kaya mengkonmo mau mesthi wae Sang Prabu bingung banget, mosok arep goroh ?
Dibisiki karo Prabu Kresna yen kala-kala wong kena goroh sethitik-sethitik ora apa-apa, nanging Puntadewa tetep puguh ora gelem goroh. Kresna golek cara liya, supaya anggone matur marang Durna nalika ngucapake tembung ësthi"sing lirih banget wae, dene anggone ngucapake tembung "tama"sing cukup sero.
Tenan, diucapake dening Prabu Puntadewa ngono kuwi. Saka pangrungune Pandhita Durna, Aswatama mati, mula Durna banjur nglumpruk ing sangarepe Puntadewa, ning Sang Prabu banjur digandheng Kresna sumingkir saka papan kono. Karimijen tanpa daya, Durna ketekan Dhresthajumena kang wis kepanjingan yitmane Prabu Ekalaya iya Palgunadi kang pingin males ukum. Kanthi pedang ligan, Pandhita Durna ditigas janggane, satemah pralaya.
Prabu Puntadewa sing sabar tur banget lila-legawa pambegane iku tau diapusi Kurawa lumantar Patih Sengkuni srana kasukan main dadu kanthi totohane negara. Satemah para Pandhawa sakadang kudu gelem nglakoni dadi wong buangan ing alas suwene 12 taun. Ing pakeliran pusakane kang asring dadi kembang lambe dhalang yaiku Jimat Kalimasada Pustaka Jamus. Ana uga Payung Kyai Tunggulnaga lan tombak tumbak Kyai Karawelang, lan sangsangan robyong (tilarane Prabu Yudhistira, ratu Mertani) kang dayane, menawa Puntadewa nesu lan astane nganthi nyeggol kalung iki, sanalika sarirane salin wujud dadi brahala utawa buta kang gedhene sagunung anakan kanthu kulit putih kang apraceka Dewa Amral iya Dewa Mambang.


Ing pungkasaning crita, Puntadewa munggah swarga bareng karo sedulur-sedulure. Puntadewa bareng karo asune moksa sing pungkasan. Tinimbang Pandhawa liyane, raja iki luwih resik atine. Ora kumalungkung, ora sok kuwasa, jujur, lan ngugemi agama kanthi ngati-ati.
Ing sorga, Puntadewa ora trima amarga sedulur-sedulure padha mlebu neraka. Dheweke njaluk supaya melu mlebu neraka. Kamangka, para Kurawa malah enak-enak ana surga. Jebul kuwi mung sawetara. Pandhawa kudu nglebur dosa dhisik sawetara banjur mlebu surga. Dene Kurawa bisa ngrasaake endahing surga amarga ana sawetara kabecikan, nanging ora akeh. Sawise Kurawa ngrasakake sorga banjur dilebokake ana ing neraka.

Bima utawa Werkudara

Bima utawa kang luwih kaloka kanthi jeneng Werkudara iku putrané Prabu Pandhu Déwanata (ratu Ngastina) lan Dèwi Kunthi Talibrata kang nomer loro. Sedhuluré kabèh cacahé ana lima kang banjur sinebut Pandhawa. Mula Bima iya banjur sinebut satriya Panenggak Pandhawa.


Werkudara



Miturut Kitab Mahabharata, Bima (Bhima) dilairaké wujud bayi lumrah. Lair saka guwa garbané Dèwi Kunthi. Ramané bebisik Bathara Bayu, déwaning angin. Kacarita, sawijining ésuk Dèwi Kunthi ngenggar-enggar penggalih laro nggendhong Bhima sing isih bayi. Dumadakan ana macan saka suwaliking grumbul. Awit saking kageté, Bhima mrucut saka gendhongan, tiba ing sadhuwuré watu gilang sing gedhéné sasirah gajah. Anèhé dudu sirahé Bhima sing pecah, nanging malah watuné sing ajur mumur. Bhima gereng-gereng nangis nggolèki ibuné. Krungu tangisé Bhima iki, macan sing mauné arep mbadhog (mangsa) bayi Bhima malah gila, satemah mlayu sipat kuping.

Miturut crita pedhalangan, Bima (Werkudara) dilairaké wujud bungkus. Jaman isih cilik urip ing Astina, nanging sakwisé ditundhung déning Korawa, Bima lan sedulur-seduluré dibuwang lang pungkasané bisa babat Alas Mertani. Dhèwèké banjur urip ing kesatriyan Jodhipati/Unggulpawenang.

DASANAMA
  • Bayusuta : putrané Bathara Bayu
  • Ballawa : gedhé dhuwur
  • Bratasena : keturunan Barata kang prakosa
  • Bhima : ngédab-édabi (Mahabharata)
  • Birawa : gedhé lan medèni
  • Dandunwacana: teguh
  • Nagata : nyata
  • Kowara : kondhang
  • Sena : prakosa
  • Werkodara/Werkudara
  • Wijasena
  • Pandhusiwi.
  • Kusumayuda
  • Kusumadilaga
  • Gandhawastratmaja

Bojone telu (gagrag Jogjakarta), yaiku :
Anak-anaké Bima iki asring dadi pralambang prejurit. Antareja bisa ambles bumi, kang njaga dharatan. Gatotkaca bisa mabur, kang njaga awang-awang. Antasena bisa ambles bumi lan urip ing banyu, kang njaga laut.

Bima uga klebu dadi salah sijiné warga Bayu kang cacahé ana wolu, yakuwi Bathara bayu dhéwé, Anoman, Liman Situbandha, Garudha Mahambira, Sarpa Nagakuwara, Gunung Maenaka, lan Ditya Jajawreka. Bima utawa Werkudara uga klebu dadi putrané Bathara Bayu, mula banjur sinebut Bayuputra iya bayu Tanaya kang tegesé anak Bayu (déwaning angin).
Aji-ajiné aran aji bandhungbadawasa, Blabag Pangantol-antol lan Wungkal bener. Gegamané kang kondhang yaiku Gada Rujakpolo lan kuku Pancanaka. Bima ora gelem basa karo sapa waé, kejaba nalika ing lakon Bima Suci/Nawaruci. Ing lakon iki Bima ketemu karo Déwa Ruci. Wujudé Déwa Ruci kaya déné Bima. Déwa iki metu seka kupingé lan ngandhani Bima perkara filsafat urip.
Ing pungkasan crita wayang, Bima muksa bareng karo Pandhawa liyané nuju swargaloka.

Tembung Tanduk

Tembung tanduk yaiku tembung lingga jroning Basa Jawa sing olèh ater-ater hanuswara (m-, n-, lan ny-). Ana telung jinis tembung tanduk, yakuwi:
  • Tembung tanduk kriya wantah, yaiku tembung sing ora olèh panambang. Tuladha: maju, ngadeg, nyapu.
  • Tembung tanduk i- kriya, yaiku tembung tanduk sing olèh panambang i. Tuladha: nulungi, ngumbahi, nyaponi.
  • Tembung tanduk ke- kriya, yaiku tembung tanduk sing diwèmèhi panambang -ké utawa -aké. Tuladha: nyèlèhaké, nuduhaké, mbalèkaké.

Tembung Garba

Tembung garba yaiku tembung kang asliné seka tembung loro (2) utawa luwih kang dadi wujud anyar.
Umpamane:
  • ana + ing ---> anèng
  • siti + inggil ---> sitinggil
  • nara + indra ---> narendra

Laire Nakula lan Sadewa

Diceritaake raja Pandhudewanata lagi omong-omongan karo Resi Bisma, Yamawidura, Patih Kuruncana, Puntadewa, Sena lan Permadi. raja njaluk nasihat kanggon Resi Bhishma, yen Madrim pengin numpak lembu Andini sing dadi kendharaane Batara Guru amarga dheweke lagi ngandhut. Resi Bisma menehi saran yen raja njalok nasihat karo Bagawan Abyasa ing Saptaarga, ing pertapaan Wukir Retawu. Raja Pandhudewanata uga gelem nampa pituture Resi Bisma, lan Patih Kuruncana diwelingi kanggo nyiyapake prajurit. Sak wise rembugan, Raja lunga menyang Gupit mandragini kanggo ketemu karo garwa loro-lorone kanggo menehi ngerti babagan sing di rembug saka patemone, lan rencanae raja kanggo tindhak menyang Saptaarga. Yamawidura ngumumke perintahe lan rencana tindhake raja menyang prajurit. Para Prajurit ngersakaken menehi pangurmatan kanggo raja. Separone saka prajurit disiapake kanggo ngawal budhale raja menyang Wukir Retawu. Sawise prajurit siyap, raja karo para prajurite tindak menyang Saptaarga, sing di pandhegani Yamawidura.
Ing panggonan liya Bogadata raja negara Turilaya rembugan kaliyan Gandapati, Kartipeya, Patih Hanggadenta, Gendhingcaluring, Togog lan Sarawita. Panjenengane padha pirembagan tugas kang diwenehi dening Arya Dhestharastra Kartipeya, babagan perang Baratayuda. Panjenengane padha karep yen perang iku bisa dibatalake. Kabeh padha njupuk kaputusan kanggo nyerang negara Ngastina, lan mateni raja kaliya para putra-putrane Pandhudewanata. Patih Hanggadenta diutus kanggo nyerang Negara Ngastina. Gendhingcaluring diutus kanggo njaga tapal wates, kanggo sapa wae kang bantuan Ngastina  mesthi badhe dipaateni. Raja Bogadata lan Kartipeya bakal tindhak menyang Ngastina umpet-umpetan. Lan Gandapati diutus njaga keamanan negara Turilaya. Sawise siap, kabeh padha budhal nglakoni tugas-tugase. Prajurit Turilaya ketemu karo prajurit Ngastina, lan padha perang. Akeh prajurit saka loro-lorone padha mati, lan kabeh padha lunga kanggo ngrampungi perang.
Resi Darmana lan putran sing arane Endang Darmi pirembagan karo para cantrik ing Padepokan Hargasana. Resi Brahmana rembugan babagan lamaran Kamindana. Endang Darmi manut karo karepe bapakne, sing bakal nglamar Kamindana brāhmaa. Kamindana Brahmana teka ngenteni kesanggupane Resi Darmana babagan lamaran iku. Brahmana Kamindana omongane ora sekeca karo pangarepe Resi Darmana, lan nggawe Resi Darmana duka, lan ana perang antarane loro mau. Para cantrik ora bisa ngroyok Kamindana brāhmaa . Ing kawitan Brahmana Kamindana kalah, banjur dheweke migunakake pusaka sing bentuke tumbak cendhak. Resi Darmana kejiret lan bakal dipateni. Nanging sak sadurunge mati, panjenengane ngandika yen raupane bakal kaya rupa kidang. Lan bareng karo melbune pusakane Brahmana Kamindana menyang dodone Resi Darmana, lan Brahmana Kamindana njalma dadi kidang lan Resi Darmana seda.
Sawise mireng yen ramane sedha, Endang Darmi langsung lunga saka padhepokan. Kamindana Brahmana isih tetep nguber wae, nanging ora bisa nyekel lan kelangan wonge. Ing wektu iku, pendhita ngandika yen Endang Darmi mlayune cepet banget kaya kidang. Langsung Endang Darmi njalma dadi kidang wadon. Kidang Kamindana bisa nangkep kidang Darmi, lan padha menyang alas.
Raja Pandhudewanata karo Semar, Gareng, Petruk lan Bagong madhep marang Begawan Abyasa ing Saptaarga. Raja ngaturi rawuhipun yen piyambake pengen ngomong yen garwane kepingin numpak Lembu Andini. Dadi Bagawan Abyasa menehi pitutur, yen sing dikarepake madrim iku pancen wis ngliwati wates. Pandhu pengin nuruti kekarepane Madrim, banjur tindhak karo Panakawan. Bagawan Abyasa njaga saka kadohan, lunga menyang Ngastina. Ing dalan Pandhu lan Panakawan ketemu karo prajurit Buta saka Turilaya, ing kono banjur kedadeyan perang. Prajurit sing dipimpin Gendhingcaluring kalah, Togog lan Sarawita bali menyang Turilaya lan Pandhu langsung nglajengake lelampahan menyang Suralaya.
Bathara Narada lan Bathara Srita, Bathara Yama, Bathara Aswi, Bathara Aswin lan Lembu Andini Bathara kabeh madhep Bathara guru. Bathara guru takon karo Bathara Aswi lan Bathara Aswin, kenangapa kok mudun menyang Ngastina ana apa nang kana. Kabeh ngandika, kabeh padha teka merga di undang Madrim garwane raja Pandhu, sing lagi ngandhut lan saweg duwe anak. Bathara guru ngutus kon nudun menyang Ngastina, kanggo ngenteni laire bayi sing sedela maning. Bathara Aswi lan Bathara Aswin langsung tumuju menyang Ngastina .
Sawise Bathara Aswi lan Bathara Aswin lunga, raja Pandhu teka, madhep Bathara Guru, kanggo nyilih Lembu Andini. Bhatara Guru  Duka, amarga raja wis tau ngadegake kebon sing dilarang Dewa sing disebut kebon Kadilengleng, sing kaya kebon Tinjomaya. Pandhu njaluk ngapura , nanging Bathara Guru Palah luwih duka, amarga piyambakipun mung manut bojoné piyambak. Pandhu uga njalik ngapura lan ngaturake pamanggeh werna-werna. Apa aku salah yen aku nuruti garwaku? Apa wong sing njalok marang dewa iku salah? Apa salah nyuwun karo raja sing rajane para raja? apa bener raja Tribuana nolakkepinginane raja cilik? Ahire Bathara guru ngabulake kepinginane Pandhu nanging nganggo syarat, Pandhu ora nggawe salah maneh. Nalika nggawe salah Pandhu bakal di pundhut. Pandhu saged kaukum yen numindakake kaluputan, banjur lunga bareng punakawan lan lembu andhini ndherek.
Sawisé Pandhu saking Suralaya, Bathara Guru ngirim Bathara Narada supaya mudhun menyang Ngastina. Nyawane Pandhu kudu di pundut sawise nunggang Lembu Andini. Bathara Yama diwenehi tugas kanggo ndherek Bathara Narada. padha tindak menyang Ngastina. Pandhu nututi Lembu Andini menyang alas Kandhawa. Ing tengah alas Pandhu weruh jejodhoan kidang sing lagi nggawe katresnan. Weruh sujana. Kidang lanang di panah langsung njalma dadi Brahmana Kamindana . Brahmana Kamindana langsung ngutuk Pandu, piyambakipun badhe mati nalika nggawe katresnan karo bojoné. Kidang wadon uga di panah, banjur njalma dadi Endang Darmi . Endang Darmi setrapan , garwane Pandhu bakal mati nalika nglairake putrane sing saweg nang nang wetenge. Brahmana Kamindhana lan Endang Darmi ilang, Pandhu banjur nulih menyang Ngastina.
Bagawan Abyasa madhep marang Resi Bisma, Yamawidura, Patih Kuruncana lan Sena , padha rembugan lungane pandhu menyang Suralaya. Pandhu lan Panakawan teka bebarengan Lembu Andini. Banjur melbu menyang kraton kanggo nemoni Dewi Kunthi lan Dewi Madrim. sawise iku, Pandhu lan Dewi madrim numpaki Lembu Andini lan padha mabur ngubengi negara Ngastina. Nang nduwur Pandhu lan Madrim padha nyawiji katersnan, banjur sawise iku padha bali menyang bumi Ngastina . sawise iku Lembu Andini bali menyang Suralaya. Lan Pandhu melbu menyang kraton, piyambake cariyos marang Abyasa Begawan Resi Bisma, Yamawidura, Patih Kuruncana, Sena lan Arjuna. Ing panggonan liya  Bathara Narada lan Bathara Yamapun nglakoni tugase kanggo matèni Pandhu, Pandhu seda. Bathara Aswi lan Bathara Aswin njalma lan melbu menyang bayi sing lagi nang wetenge Madrim. Sawise Madrim ngerti yen Pandhu mati banjur deweke mateni awake dewe karo piso sing dilebokake menyang wetenge. Bayi-bayi mau lair liwat wetenge Madrim. Bathara Narada lan Bathara Yama teka, ketemu Abyasa, lan njalok yen bayi iku dijenengi Nakula lan Sadewa. Lan Begawan Abyasa njalok karo Kunti yen panjenengane gelem ngemong bayi kiwi mau kaya anake dewe.
Ing tempat liyane raja Bogadata, siap anggone nggempur negara Ngastina. Bagawan Abiyasa, Resi Bisma, Sena lan Arjuna Padha ngomongaké semrawuteng Negara sing diserang klawan musuh. Bogadata lan prajurit wis nyerang Ngastina, lan Patih Kuruncana di utus kanggo nyiapke prajurit. Sena, Arjuna lan Yamawidura uga perang. Bogadata mati amarga di panah Arjuna, nalika dipanah Yamawidura Kartipeya kapapar, lan Hanggadenta mati déning Patih Kuruncana, paraprajurit di Turilaya di pateni Sena. Lan perang rampung.

Sawise perang rampung lan Ngastina aman maneh, Bagawan Abyasa, Resi Bisma, Yamawidura lan Patih Kuruncana padha rembugan kanggo nemtokake sing bakal mimpin ing Ngastina. Lan kabeh padha nglantik Dhestharasta minangka sing dadi ratu kaliyan ngenteni Pandhawa dadi gedhe, lan kabeh padha nganakake pesta.

  Sepanjang sejarahnya, aksara Jawa ditulis dengan sejumlah media yang berganti-ganti seiring waktu.   Aksara Kawi   yang menjadi nenek moya...