Miturut wutuh orane
Miturut wutuh orané, tembung camboran iki kapérang dadi loro, yakuwi:
- Tembung camboran wutuh, contoné: sisib sembir, baya pakéwuh, raja lélé lsp.
- Déné wujud sijiné yaiku wis dicekak (wancah). Tuladhané: bangjo: abang-ijo, barji barbèh: bubar siji bubar kabèh, gaji wakma: sega siji iwaké lima, nasgithel:panas legi kenthel lsp.
Miturut hubungan wanda
Miturut hubungan wanda siji lan sijiné, tembung camboran bisa dipilah dadi telu, yakuwi:
- Tembung camboran kang nduwèni teges sadrajad. (kopulatif). Contoné: gedhé cilik, tuwa nom, sumbang surung, sandhang pangan lsp. Rerocèn tembung bisa uga ditambahi tembung "lan" utawa"saha".
- Tembung camboran kang tembung kapidhoné ngandharaké tembung kapisan (determinatif). Contoné: jambu kapuk, pelem gadhung, manuk dara, lsp.
- Tembung camboran kang tembung kapisan nerangaké tembung kapindhoné. Conto: Parama sastra = sastra kang parama (linuwih), Pandhu putra = putrané Pandhu, lsp.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar