Selasa, 25 November 2014

Asian Fashion Week 2014; Nyengkuyung Kreativitas, Njurung Produktivitas

Ajining dhiri gumantung saka lathi, ajining raga gumantung saka busana. Unen-unen kasebut tamtu wis wantah dimangerteni. Yen cela­thon kudu sopan kang mratandhani wong kasebut nduweni budi pakarti becik. Dene yen manganggo busana sarwa pantes, ba­kale antuk pakurmatan kang prayoga.
Mula ora jeneng aneh yen nganti dina­ne iki, para prancang busana sansaya akeh. Kang maune modhel busana ran­cangane wong njaban rangkah tansah di­su­bya-subya, saiki rancangan saka de­sainer nuswantara dhewe ora kalah man­jila.
Rikala tanggal 15 Agustus wingi, ing Surabaya kaleksanan adicara pagelaran busana rancangan sakehing desainer sa­ka saperangan negari. Aran Asian Fa­shion Week 2014, amarga dieloni para prancang busana saka negara-negara ing Asia.

Mapan ing Ciputra World Surabaya, ing Jemuwah sore ana saperangan de­sainer kang mamerake busana kre­asine. Saka Indonesia ana Annyta Pur­nomo kanthi kreasi busana awu­jud sakehing sayak. Akeh-akehe po­tongan sa­dheng­kul, kanthi werna-wer­na pa­dhang. Kaya ta ijo pupus lan biru. Ana uga ijo kayadene werna godhong. Nanging bahan kang dipilih kapetung gilap, mula tetep katon padhang.
Kang ndadekake penulis banget kesengseme kepara malah kreasine Madan Paudel saka Nepal, kang dipa­merake dina Minggu. Luwih saka se­puluh modhel busana kang dipragak­ake dening para paragawati. Kang nda­dekake kepranan, modhel busana siji lan sijine katon beda banget. Ma­nganggo bahan maneka werna uga jinise. Saperangan uga ngatonake khas Asia-ne. Ya potongan ing pera­ngan krah, gulon, uga ngisorane. Migu­nak­ake plisket kang identikklawan modhel busana Asia.
Modhel busana kang katon modern diwetokake dening desainer saka Srilan­ka. Nanging dheweke mligi milih bahan khas negarane, kang saemper bathik kom­binasi tie dye. Ana kang digawe se­telan ndhuwuran lan clana, ana kang di­gawe sayak.
Desainer saka Indonesia kang uga nge­nalake kreasine yaiku Yunita Kosasih. Busana-busana kreasine mawi tema Behind The Bones. Saemper karo tema ka­sebut, busana rancangane kinanthen mo­tif balung.
Saliyane para estri, desainer priya uga ora gelem kalah saingan. Van Thang Cong saka Vietnam ngramekake panggung fa­shion show kanthi rancangane kang sar­wa kuning emas. Sakabehe wujud sayak kanthi potongan modern.
Wis sapantese yen Indonesia, mligine Surabaya, mongkog dene kapilih minang­ka papan pawiwahan kasebut. Ora kurang saka desainer cacah 37 saka negara 14 kang mamerake kreasine. Yaiku saka India, Rusia, Meksiko, Nepal, Australia, Bang­ladesh, Bolivia, Brunei, Singapur, Malaysia, Thailand, Vietnam, Korea, lan liya-liyane, kalebu Indonesia dhewe.
Saka adicara kasebut, diajap para prancang busana nduweni krenteg nge­nal­ake karyane marang masyarakat kang luwih akeh. Kang dikarepake, tekan nja­ban rangkah. Apamaneh ngadhemi pasar global kang sedhela maneh bakal binuka. Yen ora wani unjuk gigi, tangeh lamun kre­asine ditepungi liyan, apamaneh ban­jur kepayon. (nana)

http://www.panjebarsemangat.co.id/asian-fashion-week-2014-nyengkuyung-kreativitas-njurung-produktivitas

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

  Sepanjang sejarahnya, aksara Jawa ditulis dengan sejumlah media yang berganti-ganti seiring waktu.   Aksara Kawi   yang menjadi nenek moya...