Rabu, 26 November 2014

Wong Lanang

Mardi mesem dhewe nalika nyawang tanduran palawija ing tegale kang ledhung-le­dung lemu.  Ana terong, lombok lan ka­cang lanjaran. Nadyan isih durung kem­bang, nanging kena dijagakake yen wis uwoh kena dinggo tuku cempe. Jare sisihane, rega lombok edan-edanan, se­kilo satus ewu punjul. Pa ra edan? Saking gregeten disambati rega lombok larang, dheweke mangsuli angger nyeplos,
“Yen lombok larang ya ra usah tuku lombok! Aja gelem dienggo dolanan teng­kulak lombok. Ko yen akeh sing ra tuku lombok sapasar rak padha bosok! Suwe-suwe mudhun dhewe, merga  ka­pok!”
Najan polatane mecucu, nanging Nar­ti ora ceguk, ora wahing, ora wang­sulan. Yen dipikir-pikir panemune sing la­nang kok ya mathuk. Yen ra ana sing nukoni suwe-suwe rak bosok, banjur regane anjlog. Nanging watake pasar, najan rega mundhak kaya ngapa, sing tuku ya manut bae. Mula para tengkulak lombok ngundhakake rega sakenake dhewe, awit padha ngerti yen mesthi payu.
Ndeleng tanduran kang ijo royo-royo, dumadakan Mardi kelingan lelakon ja­man isih jaka. Ngluwari nadar yen wis lulus SMP arep dolan nyang omahe Su­narto ing Dongko, Trenggalek. Disuguhi sega jagung jangane blendrang bung, kacang lan terong. Disandhing urap godhong kates rada pedhes keladuk asin, katutan gagang sing isih enom kathik klapane parutan kasar agal-agal.  La­wuhe gereh pethek. Kaya-kaya sadawa­ne uripe, Mardi ra tau mangan sing enake kaya kuwi.
Sunarto, mitrane sabangku nyawang.
“Ngapa To, kowe kok mendelik?”
“Lha aku gumun kok nyawang kowe. Bar lara ta?”
“Walah, merga lehku mangan akeh iki ta? Ra nde isin ya?”
“Gene kok ya mudheng!”
“To, Narto, mosok kowe ra ngerti ta, pa­nganan samene kehe kok kabeh mi­rasa!”

“Aja ngenyek! Wong mung jangan blendrang, urap-urap godhong kates nyel wae enake kaya apa? Dhasare pancen kowe dremba!”
Ana apa ta Ti, cah wedok bengak-bengok
“Dremba ya wis ben, takakoni. Lha wong uenak, je! Salawase urip ra isa lali aku! Kowe nganggep biyasa, awit ke­rep mangan panganan kaya iki! Yen aku prasasat ora tau. Mula rasane uenak, sedhep.”
“Mangan ngono ae jaremu enak, urung ngrasakne lodho pitik!”
“Lodhohe pitik peken, aku milih iki ae!”
Simbokne Narto nyedhaki.
“Walah Nak, sokur doyan mangan panganan ndesa kaya ngene!”
“Nggih Bu, boten gadhah isin niki! Ngantos kemlakaren!”
“Ora apa-apa Nak, aku malah se­neng! Wong olah-olah cara ndesa, kathik sing olah-olah rung pati prigel. Nalika daktinggal nyang sawah matun wingi sing kelan bung adhimu Narti.”
Mardi mesem, ora caturan, nanging nyathet. Narti kuwi adhine Narto yake. “Jebul Narto duwe adhi wadon? Pinter olah-olah pisan!”
Awan-awan Mardi ngimpi, cah la­nang kaya dheweke, kang klebu doyan mangan, mesthine gathuk banget yen……..
http://www.panjebarsemangat.co.id/wong-lanang

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

  Sepanjang sejarahnya, aksara Jawa ditulis dengan sejumlah media yang berganti-ganti seiring waktu.   Aksara Kawi   yang menjadi nenek moya...