![]() |
Gerbang patilasan
Pangeran Samber Nyawa
|
Kanggo bisa uwal saka pangamuke alam sing
njilma dadi prahara mau manungsa diajap bisa ndandani timindake. Saliyane iku
manungsa kudu eling sarta tansah ngurmati alam. Salah sawijining cara kanggo
ngurmati alam iku dening masyarakat tradisional biasane ditindakake kanthi
adicara sedhekah bumi. Ngenani sedekah bumi iki dhewe wis dituladhakake lan
ditindakake dening para leluhur kanggo nguntapake rasa syukur tumrap kang Maha
Kuwasa sarta sawijining wujud sambung rapete manungsa klawan alam. Lumantar
adicara iki uga manungsa bisa njaga kaharmonisan sarta kasalarasane alam.
Ing negara Indonesia kang sugih klawan
budaya tumekane wektu iki isih akeh banget sedhekah bumi kang ginelar saben
taune. Saben-saben sedekah bumi iku nduweni titikan lan rerangkene adicara
kang beda-beda. Anane pambeda ana ing kene ora nuwuhake panemu endi sing becik
lan endi sing kurang becik. Pambeda mau tansah nuduhake luhuring budaya kang
ana ing bumi nuswantara iki. Salah sawijining upacara sedekah bumi kang nduweni
pangajap njaga kaslarasan lingkungan iku bisa ditemokake ing Gunung Gambar
kang klebu wewengkon ing laladan Gunung Kidul Yogyakarta.
![]() |
Hiburan nalikane upacara Wanakarti |
Upacara tradisi kang kagelar ing Dusun
Kampung Desa Kecamatan Ngawen Gunung Kidul kaya ta adicara Wanakarti kang
ginelar ing patilasane Pangeran Samber Nyawa. Saliyane dikarepake kanggo mapag
tekane riyaya Nyepi tumrape para umat Hindu uga dimaksudake kanggo njagakeharmonisan sarta kasalarasane alas kang
ana ing sakiwa tengene patilasan Pangeran Samber Nyawa.
Ngenani pangajap amrih larase alam kang ana
ing papan kasebut adhedhasar makna kang kinandhut sajroning upacara wanakarti
iku dhewe. Tumrape para kadang Hindu wanakarti ngono ditegesi minangka
sawijining upacara tradhisi kanggo kasucen sarta njaga lestarine alas
sarta pegunungan papan alas iku mau tuwuh. Sajroning kapercayan Hindhu alas
ngono dibedakake ana telung werna utawa jinis. Katelune alas iku mau yaiku
sing kapisan diarani Maha Wana kang diartekake alas gung liwang-liwung (Hutan
Rimba), kapindhone diarani Tapa Wana yaiku alas kang digunakake dening para
yogi/resi kanggo mbangun partapan utawa pasraman dene kaping telune yaiku Sri
Wana sing nduweni teges yaiku alas kang digunakake kanggo kemakmuran ekonomi.
![]() |
Dum-duman Tirta Suci
marang para umat Hindhu
|
Ngenani anane adicara iki ketua PHDI
Kabupaten Gunung Kidul, Purwanto M.Pd.H, ngandharake yen upacara iki wigati
banget ditindakake, amarga adicara iki kalebu sawjining tugas kang kudu ditindake
dening manungsa amrih bisa njaga keseimbangane alam semesta. Dheweke uga nambahake
yen prahara kang keri-keri iki kerep tumiba ing bumi nuswantara iki disebabake
amarga kawigatene masyarakat tumrap alam kurang.
“Apa kang dumadi tumrap bangsa lan negara
iki kabeh amarga manungsa kurang sadhar njaga lestarine alam. Manungsa mung
ngetutake hawa nepsune saengga akeh tumindake kang ngrusak alam. Mula saka
anane tumindake manungsa kaya mangkene alam nyoba ngelingake manungsa yen
tumindake ngono kuwi ora becik lan dikarepake para manungsa enggal sadhar lan
ngowahi tumindake kasebut. Lumantar adicara iki diajap bisa njaga kaimbangane
alam semesta lan netralisir energi negatif,” kandhane.
Upacara Wanakrti kang ditindakake ing
patilasan Pangeran Samber Nyawa kuwi saliyane diestreni dening para umat Hindu
kang manggon ana ing laladan D.I. Yogyakarta lan Klaten uga dirawuhi dening
Ida Bagus Wika Khrisna, S. Ag, M.Si minangka pembima Hindu kanwil kemenag
D.I. Yogyakarta. Nalika ngrawuhi adicara kasebut panjenengane uga
ngandharake menawa upacara kang kagelar ing dina Minggu iku minangka
sawijining konsep masyarakat Hindhu kanggo ngurmati para Dewa kang manggon ana
gunung-gunung. Kanthi anane tumindak kaya mangkene diajab bisa ndadekake
sesambungan antarane manungsa klawan alam tansah harmonis. Saka anane
sesambungan kang harmonis antarane manungsa lan alam ing tembe mburine bisa
ngadohake panguripane manungsa saka bebaya kayadene banjir lan tanah longsor.
![]() |
Maneka sesajen
kanggo sedekah bumi
|
Ing perangan liya Haryanto kang kadhapuk minangka ketua panitia ing adicara kasebut uga ngandhakake menawa kanthi anane upacara iki uga bisa mromosekake dhaerah gunung Gambar kang manggon ana ing Ngawen iki dadi sawijining objek wisata spiritual lan sejarah. Anane pangajab kang kaya mangkene amarga papan kang digunakake kanggo nindakake upacara Wanakarti iki dhewe nalika jaman biyene uga nate digunakake dening pangeran Samber Nyawa kanggo nepi sarta golek pituduh sadurunge perang mungsuh Walanda.
Katrangan ngenani yen gunung Gambar iki dadi seksi perjuangane Pangeran Samber Nyawa uga dibenerake dening Podowinarno. Priya kang dipercaya dadi pemimpin lumakune upacara wanakarti iku uga dipercaya kanthi turun-temurun dadi juru kuncine patilasan Samber Nyawa utawa kang lumrah sinebut gunung Gambar. Miturut critane priya kang nduweni rambut gondrong kasebut tekane Pangeran Samber Nyawa ing papan kene amarga kedhesek dening bangsa Walanda.
“Wektu iku Pangeran Samber Nyawa isih nganggo jeneng R.M Said. Amarga kalah perang klawan bangsa Walanda panjenengane banjur nindakake tapa ing watu bokong kang mapan ana ing pucuke gunung Gambar. Nalika tapa ing papan kasebut banjur panjenengane pikantuk sasmita. Sasmita kasebut digambarake kayadene pawongan kang pengin mangan bubur jenang katul kang isih panas,” ujare Podo.
![]() |
Tari Gambyong kang
digelar nalikane adicara upacara Wanakarti
|
Kayadene upacara-upacara adat kang ana
ing laladan Jawa ing adicara iki uga diramekake dening maneka kesenian.
Kesenian-kesenian kang ditampilake pinuju upacara iki ditindakake yaiku tari
gambyong, jaranan, lan rebut gunungan. Ananging ana siji rerangkening adicara
kang beda dibandhingake dening adicara liya-liyane. Sing ndadekake beda adicara
iki tumrap adicara liyane yaiku anane penanaman
simbolis tetanduran
kang ana ing gunung Gambar kanggo nggambarake masyarakat kang perduli tumrap
lestarine alam sarta kasalarasane. Kejaba kuwi, adicara iki uga kena kanggo
ngeling-eling perjuangane Pangeran Samber Nyawa.
(Zuly Kristanto)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar