Kamis, 27 November 2014

Miyak Sejarah Tumangkare Wayang Purwa ing Pulo Jawa (2)

Jaman Kartasura tekan Surakarta
Nalika kraton Mataram dipindhah saka Plered menyang Kartasura dhek jamane Sunan Amangkurat Amral amarga wis di­anggep ilang wahyu kratone. Ing kraton anyar iki wayang purwa kabeh ngalami owah-owahan. Sunan Amangkurat Amral yasa putren nganggo gelung keling lan kelatbahu. Wayang Gathutkaca sing seka­wit wujude cilik kanthi tutuk gusen diganti nganggo wayang kanthi wujud satriya gagah kang praenane kaya Werkudara kanthi wanda tathit. Kabeh wayang tokoh dewa  nganggo lendhang, diwenehi jubah (kethu keyongan), klamben lan nganggo sepatu, kejaba Bathara Guru lan Bathari Durga. Dene wayang pandhita diwenehi klambi, nganggo kethu lan tanpa sepatu. Kejaba kuwi saben ana pagelaran wayang purwa mesthi ngetokake panakawan Bagong sing diwenehi sengkalan “Mantri Sirna hangoyak Jagad” kang tegese taun 1679 M. Ingkang sinuhun uga yasa wa­yang buta gundhul sing gulune cendheg, nganggo punuk lan irunge mlenthung kaya endhog disebut buta endhog utawa buta punuk lan uga yasa buta Terong kanthi mripat tangan mung siji sing banjur kapa­ringan sengkalan: “Marga sirna Wayanga­ning Nata” utawa taun 1682 M.
Semono uga nalika Puger jumemeng nata ing Kartasura kanthi jejuluk Susu­hunan Paku Buwono I, nyampurnakake wa­yang purwa kanthi pola wayang matara­man. Wayang patih lan andhahane diwe­nehi klambi sikepan lan rapekan kanthi nganggo keris lan pedhang. Uga digawe wayang  gunungan gapuran lan wayang raseksi (buta wadon) kanthi mata siji kang sinebut Kenyawandu sing kaparingan sengkalan“Buta nembah Nata tunggal” kang tegese taun 1701 M. saliyane kuwi ing jaman Sunan PB I uga yasa Serat Me­nak (Narawita), Serat Kandha,  Serat Ma­nikmaya lan Serat Nawaruci kang diserat dening Syiwamurti. Kejaba kuwi ing baba­gan seni tari, Susuhunan PB I uga yasa tari pethilan wireng Duryudana-Bima lan Karno Tandhing.
Ing jamane Sunan Paku Buwono II (1727 – 1747) ngasta pusaraning praja, digawe wayang anyar ing antarane wa­yang kanthi mripat liyepan, Arjuna wanda Jimat, wanda Mangulan lan wanda Kanyut sing banjur diparingi aran Kyai Pramuka­nya. Wayang sing digawe dening Ki Cer­ma­pangrawit lan Ki Gondo iku rampung ing taun 1731 kanthi kaparingan sengkalan “Buta Lima Anggoyang Jagad”.
Sunan Paku Buwono II uga yasa wa­yang gedhog kanthi wanda wayang purwa kang banjur kaparingan aran Kyai Banjet. Ing sajabane kraton akeh sing  padha ga­we wayang golek purwa, wayang terbang kanthi crita Menak. Pangeran Pekik saka Surabaya uga yasa wayang Krucil saka ka­yu sing banjur katelah kanthi aran wayang klithik kang rampung ing taun 1737 kanthi kaparingan sengkalan Gapura Lima Ratu­ning Bumi. Ing babagan seni tari, panje­nengan dalem nata yasa tari Srimpi Lagi­ dhem­pel, Bedhaya Sinom. Lan Wireng Laras Panji
Rusake kraton Kartasura nalika dumadi Geger Pacinan, mula banjur dipindhahake menyang Surakarta utawa Solo duk rikala taun 1849. Nalika kraton anyar iku diasta dening Sunan PB III, panjenengan ndalem nata banjur  yasa wayang telung kothak kang sumbere saka wayang Kyai Pramu­kanya kanthi owah-owahan agemane, uku­ran dedege wayang digawe luwih cen­dhek, denawa lan wanara kanthi mripat siji sing sabanjure dadi ciri wancine wayang kulit purwa gagrag Surakarta nganti tekan jaman saiki. Kejaba iku uga digawe wa­yang Werkudara nganggo makutha (kuluk raton) sing banjur diarani Tuguwasesa uta­­wa Jayapusaka, wayang Rahwana kanthi wanda Belis, Sumbadra wanda Lantreng kang banjur kaparingan asma Kyai Mangu, lan Kyai Kanyut, kaparingan sengkalan Resi Trus Kawayang Tunggal utawa taun 1772 M. Kejaba kuwi uga digawe wayang kanthi pola dhasar Kyai Pramukanya sing dhu­wure ditambah setengah palemahan, de­na­wa lan wanara kanthi mripat siji. Wa­yang iki banjur kaparingan jeneng Kyai Pramukanya Kadipaten..
Ing jamane Susuhunan Paku Buwono IV digawe wayang pirang-pirang kothak lengkap kaparingan jeneng Kyai Jimat, Kyai Kadhung (wayang purwa), Kyai Dewakaton (wayang gedhog). Sabanjure uga disusun sulukan kang­go wayang kulit purwa lan wayang gedhog sing cakepane dijupuk saka Serat Baratayuda, Serat Rama, lan Serat Witaraha kanthi kaparingan sengkalan Katon Guna Swareng Rat, tegese taun 1732 Jawa.
Nalika  Sunan Paku Buwono IV ngas­ta pusaraning praja,  para pu­jang­ganing kraton kang dipandhe­gani dening Yasadipura yasa Serat Arjunasasrabahu, Serat Baratayuda, Serat Wicarakeras, serat Wulangreh. Serat Wiwahajarwa, Serat Cebolek, Serat Wulanggana, lan Serat Darma­surya (mistik).
Tumangkare wayang ing jamane Sunan Paku Buwono V (Sinuhun Ba­gus) pancen ngedab-edabi. Sunan PB V yasa wayang kathi babon (pola dha­sar) saka Kyai Mangu ditambah saka pakemahan (kira-kira 3 – 5 cm), uga ana owah-owahan busanane wayang purwa, wanda digawe rangkep, wa­yang katongan (raja) ngagem maku­tha.  Wayang iku banjur diarani Kyai Jimat kang banjur kaparingan sengkalanYaksa Sikara Amrik Panggah kang tegese taun 1739 M. Kejaba kuwi, uga digawe wayang kanthi dhasar (babon) wayang Kyai Kanyut kanthi ditambah dedege udakara 1 – 6 cm, wayang putren diwangun utawa diselaras­ake, digawe kanthi wanda rangkep, ana­nging asile wayang kurang maremake, mula banjur disebut “Kyai Kadhung” kanthi sengkalanWayang Loro Sabdaning nata tegese taun 1739 M. Senajan mengkono, Wayang Kyai Kadhung engga seprene kabiji minangka ringgit paling becik kualitas sunggingan, bedhahan lan warnane.
Sunan PB PB V uga paring dhawuh ngga­we wayang gedhog kanthi babon wa­yang Kyai Banjet Kartasura kanthi wanda sing beda karo wayang purwa kang banjur diarani Kyai Dewa Katon kang kaparingan sengkalan :”Tanpa Guna Pandhita Praja”sing tegese taun 1800 M. sabanjure uga digawe wayang Ramayana wiwit Lokapala kanthi babon wayang Kadipaten sing dedege ditambahi sapalemahan, denawa lan wanara kanthi mripat siji lan tangane loro bisa diobahake kang banjur kapari­ngan pepenget sengkalan Swareng Pawa­ka kagiri raja” sing tegese taun 1811 M. Suluk-suluk lan ada-ada saka kitab Rama­yana lan Mahabharata dikumpulake dadi siji kang banjur kaparingan tetenger “Pakem lakon”.
Ing taun 1788, pujangga Kraton Sura­karta, Yasadipura I lan Yasadipura II mba­ngun Kapustakan Jawa kango nyimpen kitab-kitab yasane, kayata Arjunawiwaha, Ramayana, Bharatayuda, Arjunasasra­bahu, Lokapala lan Dewaruci 1796 – 1803, uga kitab Menak Koncar lan Serat Ambya.
Nalika jaman Sunan Paku Buwono VI (1830 – 1856) Danuatmaja, sawenehe perajin wayang saka Solo, nggawe wayang Dupara kanggo pentas kanthi crita  Babad Demak, Pajang, Mataram lan Kartasura. Ing jamane Sunan PB X, madeg papan pasinaon tumrap para calon dhalang utawa Sekolah Dhalang Radya Pustaka kanthi aran Padhusaka saka cekakan tembung Pasinaon Dhalang Surakarta ing taun 1823.
Wayang Ing Ngayogyakarta
Nalika RM Sujono iya pangeran Mang­kubumi nilarake Kraton Surakarta tanggal 19 Mei 1746, abdi kinasihe aran Jayaprana lan anake Jaka Penatas (sing umure lagi ngancik 18 taun) uga ndherekake tindake Jeng Pangeran Mangkubumi. Miturut saka KRT Djajadipura, nalika dumadi paprangan ing tlatah Kedhu lan Bagelen, Jayaprana mapan ing desa Danaraja (cedhak Wono­sobo), manggon ing omahe Atak, warga desa Danaraja. Nalika semana Jaka Piñatas uga melu perang. Sawi­jine dina, sarampunge melu perang ana ing wewengkon Tidar, Jaka Pena­tas ora nerusake melu perang, na­nging bali nyang Danaraja. Ing kono Jaka Piñatas banjur nerusake anggone gawe wayang.
Amarga kepotangan budi marang keluwargane Atak, minangka pituwa­se, Atak diajari gawe wayang purwa. Lan kanggo nyupeketake anggone pa­seduluran, Jaka Piñatas banjur nggar­wa Sutiyah, anake Atak. Nalika Sutiyah nggarbini, Sutiyah ditinggal gurulakine lan maratuwane nyusul P. Mangku­bumi. Sabanjure Sutiyah mbabar putra kakung sinung asma Bagus Riwong. Putune Atak iki wiwit cilik seneng gawe wayang kaya bapak lan embahe.
Sawise dumadi bedhamen kang banjur ditapak astani Prajanjen Giyanti  utawa palihan negari  antarane Susu­hunan Paku Buwono III, Pangeran Mang­kubumi lan Kompeni Walanda duk rikala surya kaping 13 Februari 1755 ing desa Giyanti (cedhak Salati­ga). Pangeran Mangkubumi nuli yasa ke­dha­ton ing desa Pacethokan ing tepining alas Beringan sing banjur karan Kraton Ngayogyakarta Hadiningrat. Sawise jume­neng nata kanthi jejuluk Sampeyan Dalem Ingkang Sinuwun Sultan Hamengkubu­wono I, Jayaprana lan Jaka Piñatas tetep setya bekti marang sang nata. Ing sajro­ning kahanan tentrem, abdi sakarone sang­saya mantheng anggone olah seni natah lan nyungging wayang. Ing antarane bapak lan anak iku ana bedane garapane. Wayang gaweyane Jayaprana yen disa­wang wujude kaya wong kang lagi njoget utawa sok karan andhadhap. Dene wa­yang karyane Jaka Piñatas kaya wong kang lagi ngadeg. Wong sekarone anggone nyung­ging wayang padha-padha nganggo teknik gradasi, mung wae wayang gawe­yane Jayaprana ing perangan tertamtu kayata ing sumping, jamang, ditambah motif drajeman (ornament titik).
Bareng mireng yen besan lan mara tuwane ngabdi ana kraton Ngayogyakarta, Atak banjur nyusul karo nggawa wayang karyane. Wayang gaweyane Atak iki mawa cirri dedeg cendhek nanging katon gagah, saiki banjur sing karan wayang gagrag Kedhu.
Bagus Riwong uga baut gawe wayang. Ciri wayang gaweyane Bagus Riwong ana ing antarane wayang gaweyane Jayapra­na, Jaka Penatas, lan Atak. Wayang karya­ne Bagus Riwong sabanjure karan wayang Prayungan. Bagus Riwong banjur nambahi motif sunggingan sing kasebut bludhiran (motif kembang-kembangan). Sawise diwasa, Bagus Riwong banjur kadhaupake lawan Rara Suprih, anake Ki Paku sawijine dhalang saka tlatah Waja ing Kulon Progo. Sabanjure Bagus Riwong peputra cacah loro, lanang-wadon. Sing lanang diwenehi jeneng Grenteng. Sawise diwasa. Gren­teng pinter ndhalang lan gawe wayang. Ciri wancine wayang gaweyane Grenteng yaiku sunggingane kang nduweni bentuk “sorot” sing banjur diarani sunggingan tlancapan. Dheweke uga nambah motif sing wujude lancip jejer (pasren ing dodot wayang gagahan).
Kanggo nglestarekake lan luwih ngrem­bakakake kesenian adiluhung, Susu­hu­nan Paku Buwono III lan Sri Sultan HB I nganakake mupakatan sing isine: Sunan  Paku Buwono III nyengkuyung banget lekase Sultan HB I sing arep tetep nglesta­rekake kesenian tradhisonal gagrag Mata­ra­man, dene Susuhunan Paku uwono III arep megarake kanthi yasa kesenian tradhisional gagrag anyar. Ing wektu bacute. Amarga anane mupakatan iku ke­senian banjur pilah dadi loro, yaiku gagrag Mataraman utawa gagrag Yogyakarta kang luwih lugu, tegas, gagah lan ngemot  uta­wa kebak nilai-nilai perjuangan sing dadi landhesan kanggo mbenthuk watak satriya (kanthi sesanti : nyawiji, greget sengguh ora mingkuh), sarta gagrag Surakarta/Solo sing luwih lincah (dinamis), luwih gume­byar, prenes, lan akeh tinemu anasir-ana­sir anyar.
Senajan anggone mbina kesenian ing kraton Ngayogyakarta mligine kesenian beksan lan wayang wong, nanging ora ban­jur nglirwakake marang pembinaan wa­yang purwa. Mula Sri sultan HB VIII ing tanggal 27 Juli 1925 ngedegake Seko­lah Dhalang kanthi aran “Habirandha” (cekakan saka hambiwarakae Rancangan Dhalang) sing dipandhegani dening BPH Surtodiningrat lan KRT Jayodipomo kanthi Ketua RM Gondoatmojo.
Sekolah dhalang Habirandha iku tekan saiki isih lumaku kanthi becik. Kejaba iku wiwit jamane Sri Sultan HB VIII tekan HB X, sabakdane Riyaya Idhul Fitri diadani pagelaran ringgit purwa sewengi nuthug sing diarani “Bedhol Songsong”mapan ing kagungan Dalem bangsal Kemagangan kan­thi dhalang njupuk saka lulusan Habi­randha.
Ing tanah Jawa saliyane pedhalangan gagrag Surakarta lan Ngayogyakarta, isih ana maneh pedhalangan gagrag Banyu­masan, gagrag Jawa Timuran, gagrak Pesisiran, Ceribonan, lan sapiturute.
Mangkunegaran lan Paku Alaman
Ora beda karo para ratu liyane ing tanah Jawa, KGPAA Mangkunegara I nalika ngasta peprintahan ing Pura Mangkune­garan uga ngrembakakake kesenian tra­dhi­sional. Ing taun 1757, KGPAA Mangku­negara nganakake pagelaran wayang wong kanthi crita njupuk saka crita wayang purwa. Penataan wayang wong iku ram­pung ing taun 1764 kanthi sinengkalan Wiwara astha wayang ing Janma. Saban­jure KGPAA Mangkunegara IV (1853 – 1881) yasa wayang purwa kanthi babon wayang Kadhung saka Surakarta sing dicilikake ukurane sipaya gampang lan entheng  anggone  nglakokake lan nyabet­ake, mula wayang kasebut banjur kapari­ngan aran wayang Kyai Sabet.
Ing jamane KGPAA Mangkunegara V uga dibabar serat Pustakaraja madya lan Serat Witaradya dening Raden Ngabehi Ranggawarsita sing isine nyritakake lela­kone Prabu Aji Pamasa utawa Prabu Ku­sumawicitra saka krajan Mamenang. Saka  adhedhasar “ilham utawa inspirasi” saka  serat iku, KGPAA Mankunegara banjur dha­wuh nggawe wayang jinis anyar sing ban­jur katelah wayang madya, sing mujudake sambungane saka wayang purwa karo wayang gedhog. Kabeh wayang jaman Mangkunegara IV diwenehi tandha ing pasitene (palemahane). Kejaba kuwi uga digawe wayang Bratasena utawa Werku­dara sing disungging ireng kanthi wanda Mimis sing banjur kaparingan asma Kyai Lintang (1868) lan Werkudara gembleng (warna prada mas) kanthi wanda Gurnat kang banjur kaparingan aran Kyai Sindung (1670). Sawise rampung banjur kapari­ngan sengkalan Mantri Trusta Memuji ing Gusti, tegese taun 1871 M.
Ana ing jamane Sri Mangkunegara VII (1916 – 1944) digawe wayang Menak kang­go pagelaran crita-crita saka Serat Me­nak kanthi paraga Wong Agung Jayeng­rana, Dewi Adhaninggar, Umar Maya, Umar Mahdi, Prabu Nursyirwan lan sapi­turute.
Ing Kadipaten Pura Paku Alaman nalika diasta dening KGPAA Paku Alam II megar­ake kesenian tradhisional (mligine seni ga­melan/karawitan lan tari) kanthi ora ning­gal marang tradhisi sing kepungkur (ga­grag lawas) kanthi yasa Sekar Ageng.  Nganti Sri Sultan HB V kepranan marang Sekar Ageng, saengga paring dhawuh marang para abdi dalem murih nyinau Sekar Ageng ing pura Paku Alaman.
Ing jamane Sri Paku Alam III, panje­nengan dalem nata sing kawentar tresna banget  marang  kesenian lan kasusastran banjur  yasa Serat Piwulang , Serat Ambyo Yusup, lan Serat Dharmo Wirayat. Ing jamane KGPAA Paku Alam IV lan VII pan­jenengane ngowahi wujude wayang kanthi ciri wanci nganggo ageman keris, kejaba wayang putren. Malah kepara paraga wayang Rahwana utawa Dasamuka kejaba nganggo keris uga nganggo pedhang.
Nuwun

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

  Sepanjang sejarahnya, aksara Jawa ditulis dengan sejumlah media yang berganti-ganti seiring waktu.   Aksara Kawi   yang menjadi nenek moya...