Kamis, 27 November 2014

Miyak Sejarah Tumangkare Wayang Purwa ing Pulo Jawa (1)

Wayang kulit purwa mujudake salah sinine kesenian Jawa sing tumeka saiki tetep antuk  papan ing atine masya­rakat. Kepara kanthi anane “inovasi”anyar saka kreativitase para dhalang mudha, cri­ta wayang purwa sing umure wis atu­san taun kuwi  sangsaya disenengi lan di­ton­ton dening para kawula mudha. Mula ora jeneng mokal yen bebadan donya ing bidhang pendidhikan, ilmu pengetahuan dan kabudayaan, UNESCO, sawetara taun kepungkur (7 November 2003) banjur ne­tepake menawa wayang Indonesia mi­nang­ka salah sijine warisan budaya donya non-bendawi (Masterpiece of Oral and Intangible Heritage Humanity) sing kudu di­les­tarekake. Kepyakan iku mujudake sa­wijinepengakuan tumrap  wayang Indo­ne­­sia minangka “karya budaya” asli (au­ten­tik) utawaindigenous bangsa Indonesia. Ananging, kasunyatane angel ba­nget antuk informasi utawa data sejarah sing autentik ngenani wayang Indonesia. Jalaran diakoni apa ora tradhisi (sistem) dokumentasi ing bangsa kita pancen ora megar kanthi becik.
Sethithik banget sumber kang tinulis utawa temuan arkeologis autentik kang bisa menehi pituduh ngenani sejarah asal usul lan tumangkare wayang ing Jawa utawa Indonesia kanthi data sing sokeh (valid) lan bisa dipertanggungjawabake.
Pethikan pupuh V: Sikarini, bait 9 Ka­kawin Arjuna Wiwaha anggitane Mpu Kan­wa (1030 M) mujudake sumber tinulis bab anane pagelaran wayang purwa kang dianggep paling tuwa dhewe. Ing pupuh kasebut diandharake :

diandharake”anânonton ringgit manangis askl mudha hidìpan
huwus wruh towin yan walulang inukir molah angucap
atur ning wwang tººòêng wiþaya malahâ tan wihikanhina
ri tattwanya-n mâyâ sahana-hana ning bhâwa siluman.

Kang tegese :
Ana wong nonton wayang nangis ka­mi­sesegen lan sedhih atine.Senajan dheweke kuwi ngerti yen wayang iku se­jatine mung kulit kang tinatah,  diwangun kadidene manungsa kang bisa obah lan tatajalma. Kang nonton wayang iku upa­mane wong kang tansah nengenake nafsu kedonyan sing sarwa nikmat, bisa anjalari petenging kalbu. Dheweke ora nyana me­nawa kabeh kuwi satemene mung wewa­yangan kaya sulapan, kang dudu kasunya­tan nanging mung kaya impen wae.
Sumber data arkeologis liyane sing di­anggep paling sokeh yaiku  prasasti saka   jaman peprintahane Rakai Watukura  Dyah Balitung (899 – 911 M). Prasasti iku nye­but­ake “Sigaligi mawayang  hayam mawa­carita Bhimaya kuwara”kang te­gese pa­gelaran wayang Bima nalika isih mudha kang ujube kanggo nyembah ma­rang Hyang (dewa). Dadi ing taun 899 uga wis ana pagelaran wayang kanggo keper­luwan upacara keagamaan. Ing jamane Airlangga (1010 – 1037) wayang wis dadi seni pertunjukan kanggo masyarakat umum.
Keyakinan menawa wayang mujudake produk budaya asli saka bangsa Indonesia nate diandharake dening pakar wa­yang, Prof. Dr. Soetarno, saka ISI Sura­karta. Ing sawijine kalodhangan, panje­nengane mbe­berake kanthi tlesih ngenani babagan seja­rah pengetahuan, konsep ka­endahan (este­tika) apadene teknis sarta filosofi. Crita wa­yang, pratelane, wis dikenal secara luas dening masyarakat Nus­wantara kanthi wujud  kaya kang ka­cetha ing relief relief can­dhi, pertunjukan karya sastra, lan tradhisi lisan (oral).
Miturut Soetarno, tembung “wayang” iku wis wiwit digunakake kaya kang tinulis ing pupuh 664 Kitab Bharatayudha anggi­tane Mpu Sedah  (1137 M), Uga ing kitabTantu Panggelaran (abad 12) kang uga ngandharake ngenani wayang kang migunakake bahan saka kulit kebo uta­wa sapi kang tinatah. Dene kelir utawa geber uga wis digunakake ing jaman iku. (Kitab Wreta Sancaya). Ing sate­ngahe abad kaping 12 wis wiwit migu­nakake unen-unen kanggo ngiringi pa­ge­la­ran wayang ing antarane tundu­ngan lan saron kemanak. Dene ing kitab Negarakertagama (abad 16) di­jlen­trehake menawa iringan unen-une­ne wis wiwit pepak yaiku awujud  tam­bur, gambang, kala, sangha,  lan kema­nak.
Dr. GAJ Hazeu, ahli sejarah kebuda­yaan saka Walanda kang nliti masalah wayang ing taun 1897, ana ing diserta­sine kanthi irah-irahan Bijdrage tot de Kennis van het Javaansche Tooneel, mra­telakake menawa wayang mujudake salah siji asile saka kabudayan Jawa. Iki didasari saka etimologi tetembungan ing pagelaran wayang kang asli saka basa Jawa kayata dhalang, kelir, wayang, keprak, lan blencong. Upamane ukara wa­yang kuwi asale saka tembung wewaya­ngan. Diserta­sine Hazeu kasebut  mujud­ake asile saka pa­naliten ilmiah babagan wayang kang wis ditindake, senajan pa­naliten kasebut luwih condhong ing baba­gan linguistik (ilmu nge­nani babagan basa), mula bisa didadekake minangka salah sijine sumber sing sokeh.
Nanging satemene tekan saiki isih katon sethithik banget ngenani panaliten ing ba­ba­gan sejarah pagelaran wayang. Pryohutomo ing taun 1933 nulis disertasi­ne kang asesirah Nawaruci uga luwih con­dhong nyang panaliten ing babagan linguis­tik. Pirang-pirang sumber “tinulis” liya kang bisa kanggo rujukan miyak seja­rah wayang yaiku serat Centhini (1823) sarta Sastra­miruda (1920) kang uga mbeber babagan wa­yang, nanging luwih nengenake minang­ka tradhisi lisan (oral), saengga angel digo­leki wewatone. Sa­banjure Prof. Dr. Poerbo­tjaraka  ing buku­ne Kapustakan Jawi(1952) uga njlentreh­ake panalitene ing babagan wayang.
Wujude wayang
Kepriye mungguh bentuk utawa wu­jude wayang dhek jaman semana ? Kawi­tane, wayang wujude digawe “realis” (per­sis blegere manungsa tanpa disamar­ake) kaya kang kapetha ing temboking candhi Prambanan, Jawa Tengah (abad ka­ping 10). Ing jaman Majapahit (abad kaping 13) bentuke wayang wiwit digawe rada miring (menyamping) nyonto ma­rang relief ing Candhi Penataran, Jawa Timur (bentuk au­tentike tekan saiki bisa kita priksani ing wayang Bali)/ Anane candhi-candhi kasebut nuduhake anane pengaruh sing kuwat saka agama Hindu ing Jawa. Apamaneh relief lan reca-reca kang ana ing candhi-candhi ka­sebut akeh sing ngemot fragmen-frag­men utawa adegan-adegan (jejer) kang du­madi ing crita wayang. Temboking candhi Pramba­nan akeh macak crita epos (crita kepahla­wanan) saka Ramayana karangane Mpu Walmiki. Candhi Sukuh ing Karanga­nyar saperangan gendhe majang crita Su­damala (Durga Ruwat) lan Bimasuci kang mujudake perangan kang dijupuk saka crita Mahabharata. Candhi Pena­taran akeh macak crita Ramayana lan Kresnayana.
Wiwit abad kaping 10 tekan pung­ka­saning abad kaping 11, pagelaran wayang kulit purwa wiwit ngalami owah-owahan ngenani babagan este­tika (kaen­dahane) lan filsafate. Ing ja­man krajan Demak (abad kaping 15) wa­yang sing sekawit wujude realis banjur distelisasi (disamarke murih ora madhani karo mak­luk hidup) sing dadi larangane agama Islam kanthi cara di­sanggit miring (2 dimensi) mula banjur karan ringgit (di­sanggit miring). Ing jaman Demak, para­ga-paraga wayang beber dijupuk (disalin) mbaka siji ban­jur digambar lan ditatah ana ing walulang (kulit kewan) terus diwenehi gapit (garan) saengga wayang bisa ditancepake ana ing debog utawa kayu diwenehi bolongan/ Anggone yasa wayang kulit wewaton wa­yang beber iku rampung banjur diwenehi sengkalan kang unine “Sirna Suci Caturing Dewa”  kang te­gese taun 1578 M. Sena­jan mengkono wayang beber isih tetep dilestarekake mi­nangka dadi tontonan masyarakat sajabane kraton.
Wayang jaman Demak tekan Mataram
Ing jaman Demak pagelaran wayang purwa megar ngedab-edabi, kayata Su­nan Giri banjur njangkepi bentuk paraga wa­yang purwa nganggo paraga wayang “wa­nara” (kethek) kanthi mripat loro kaya buta  (sing sabanjure dadi ciri wancine wayang kulit gagrag Yogyakarta) saengga bisa kang­go mbabar lakon Ramayana. Sa­banjure, Sunan Bonang uga nggawe pau­geran (pe­dhoman) simpingan wayang ing sisih te­ngen lan kiwane dhalang. Sim­pingan wa­yang ditata kanthi adhedhasar golongan, warnane muka (rai), bentuke rai, bentuke lambe (upamane ngablak, anje­ber) ben­tuke mripat, rupane badhan, jinise ageman, jinise jangkahan lan sapi­turute. Simpingan wayang dianggep becik menawa kepenak disawang, seimbang, lan “ribig” tegese ing antarane bahu lan palemagan wayang saka sing paling dhu­wur dhewe tekan sing paling cendhek dhe­we menawa ditarik garis lurus bisa sejajar. Conto panatane simpi­ngan wayang sing becik lan ribig bisa diprik­sani ing pagelaran wayang Bedhol Song­song ing bangsal Kemagangan Kraton Nga­yogyakarta saben tanggal 1 Syawal.
Simpingan sisih tengen racake ngemot paraga wayang sing darbe watak jujur, luhur lan berbudi bawalaksana asih mring sesami lan tansah njunjung dharmaning satriya dadi utusaning adil. Dene simping­an kiwa isine ngemot paraga wayang de­nawa (buta) lan para wayang kang watak­e angkara murka budine candhala, keja­ba Setyaki, Baladewa, Matswapati, Kum­ba­karna, lan sapiturute. Dene Sunan Kali­ja­ga nambahi perangane pagelaran, ka­yata kelir, gedebog minangka symbol bhu­mi, blencong (simbol surya), kothak, ke­prak, cempala, sarta nyip­ta wayang Pram­bogan/Ampyak, Kayon (Gunungan) sing banjur diwenehi sengka­lan kang unine“Geni Dadi Sucining Jagad” kang nuduh­ake taun 1521 M. Sunan Ku­dus ora keri nambahi suluk (lagon) lan greget saut ana ing saben pagelaran. Ing jamane sultan Trenggana nalika ngasta pusaraning pra­ja Demak, uga digawe wayang wanara kan­thi mripat loro, denawa mripat loro, wayang putren kanthi rambut direbyang. Saliyane kuwi uga diwiwiti pe­rangane awak digembleng (diprada kuning mas) sarta wayang dicilikake ukurane saengga kawentar kanthi aran “wayang kidang kecana”.
Nalika Sultan Hadiwijaya jumeneng nata ing Pajang, sandhangan wayang disem­pur­nak­ake kanthi ditambahi nganggo kuluk jutawa makutha tumrap paraga wayang ratu, para satriya kanthi rambut digelung uta­wa direbyang, nganggo clana cindhe sarta dodot lan uga digawe maneka warna senjata kayata gada, bindhi, senjata cakra, alugara, nenggala, bedhama, cundhama­nik, keris pulanggeni, trisula lan sapiturute. Wayang putren digawe nganggo dodot (ra­pek), rambut direbyang, nganggo ja­mang, kalung, gelang, anting-anting lan kelat bahu. Dene paraga wayang denawa kanthi mripat loro lan rambut diumbar diadhul-adhul sarta nganggo dodot.
Sunan Ratu Tunggal ing Giri (Sunan Giri) ngripta wayang Bathara Guru ngas­tha Cis kang digubet ula naga, kang ora liya awujud sengkalan:”Gegamaning Na­ga Kinaryeng Bathara” kang tegese nu­duh­ake angka taun 1563 M. Kejaba kuwi, Njeng Sunan Bonang uga ngripta wayang gedhog kanggo ngganti wayang beber sing awujud manungsa kang banjur ka­telah kanthi sesebutan wayang beber ge­dhog kanthi yasa lakon Raden Panji. Su­nan Kudus uga yasa wayang purwa saka kayu, wujude gepeng kadidene wayang kulit sing tangane tetep digawe saka kulit. Wayang iku banjur katelah kanthi aran Wayang Krucil utawa wayang Golek Pur­wa sing dipentasake ing wayah awan lan ora nganggo kelir.
Nalika Panembahan Senopati ngasta peprentahan Negara Mataram, panje­neng­ane yasa wayang purwa babone nju­puk saka wayang Pajang, Perangane wa­yang purwa kayata rambute, dodote, kaesta limar utawa cindhe ditatah gem­puran. Wayang Arjuna diwenehi wanda Jimat, Werkudara tanpa dodot nanging mung nganggo cawet poleng diwenehi aran wanda Mimis. Wayang Bathara Guru isi tetep wanda reca kanthi nyekel cis lan ngadheg ana sadhuwure bumi mi­nang­ka pengetan yen kawitane kabeh wu­jud wayang kanthi bentuk reca utawa tanga­ne isih irisan (ora bisa diobahake merga gandheng karo awake wayang). Sawise rampung banjur kaparingan seng­kalan memet Bathara Guru nyekel cis lan ing mburine katanceban umbul-imbul sing ka­repe unine : “Hyang Guru dadi ngecis Bumi” kang nuduhake angka taun 1619 M.
Sawise Mas Jolang jumeneng nata ing Mataram kanthi jejuluk Sinuhun Prabu Anyakrawati utawa kang kawentar kanthi sesebutan Panembahan Seda Krapyak, uga banjur mangun ringgit purwa kanthi babone saka wayang Kidang Kencana, ka­jumput dedeg piyadege setengah pale­mahan, Arjuna wanda Jimat, Werkudara wanda Mimis, Suyudana wanda jangkung, denawa raton wanda barong sawadyaba­lane kanthi mripat loro, tangane sing mburi isih irisan. Kejaba kuwi uga digawe wayang punaka­wan lan dhagelan, kayata Semar, Bagong, Cenguris, Cantrik, uga ngimbuhi gawe dhu­wung (keris), jemparing, lan pu­saka lan­dhep liyane. Sawise rampung ka­paringan sengkalan memet rupa denawa tangan loro kasopak kabeh, mripat siji, siyunge modot maju saka gusi sisih ngisor tekan ngarep nganti ngungkuli lambe lan meh nyangkut karo irung, nganggo keris sing kawentar minangka denawapenga­ring utawa sing kondhang kanthi aran buta Cakil, Sengkalan kang unine“Tangan Yaksa Satataning jan­ma” iku nuduhake angka taun 1630 M.
Kala jamane Sultan Agung Hanyakra­kusuma ngasta pusaraning praja ing  Ma­taram, uga mangun bentuk wayang, bu­sana lan kelengkapane wayang ditatah, wayang lanyapan digawe mbungkuk, mri­pat kedhelen diowahi dadi mripat kedhon­dhong, plelengan, mripat liyepan lan kiye­ran (kero). Sawise mangun wayang sako­thak rampung, uga  digawe wayang Arjuna wanda mangu sing banjur diparingi aran Kyai Mangu., wayang denawa nganggo jalu kanthi rambut gimbal diadhul-adhul sing banjur karan denawa prepat utawa Buta Rambut geni kanthi kaparingan seng­kalan:Jalu Buta Tinata ing Ratu, tegese taun 1631 M.
Nalika Sunan Amangkurat I (Agung) jumeneng ing Mataram, uga gawe lan ma­ngun wayang Arjuna kanthi wanda kanyut kang banjur katelah Kyai Kanyut, Werku­dara wanda Lindhu Panon, Kresna wanda Gendreh lan wanda Surak, Baladewa wanda geger, wanda sembada lan wanda rang­kung, Banowati wanda golek, Semar wanda Brebes, Bagong wanda gilut, Petruk wanda Jlegong. Semono uga digawe wayang buta begal utawa buta alas an nyekel bedhama lan mung nganggo cawet kanthi sengkalan Wayang Buta ing wana Tunggal, tegese taun 1634 M. Kejaba kuwi Sunan Tegalarum iku uga megarake wayang gedhog kanthi ukurane ditambah sak palemahan, sarta nambah ricikan kadidene wayang purwa.
Ing jamane Sunan Amangkurat I para dhalang kraton ora kepareng ndhalang ruwatan kejaba Kyai Panjangmas, dene yen ana dhalang ing sajabane kraton sing arep mayang ruwatan kudu njaluk idi palilah marang Kyai Panjangmas. Nalika ing Mata­ram ana kraman sing ditindake dening Trunajaya, Sunan Amangkuran Agung ke­peksa oncat saka praja arep njaluk bantuan marang Kumpeni ing Batavia lan nalika tlatah Tegal kendel sauntara. Ora keri Ki Panjangmas uga banjur nyusul mrana. Ana satengahe marga, Ki Panjangmas ndhalang saka desa ngadesa kanthi lakon “Lampaha­ning Petruk” lan ora ngetokake Bagong.  Iya saka kene iki asale dhalang wayang pur­wa ing kukuban Kedhu mangulon tekan Ci­rebon ora kenal panakawan Bagong, na­nging saiki njur diganthi nganggo Bawor. Dene Nyai Panjangmas anggone ndhalang ana ing dhaerah wetanan (Ponorogo) kanthi njupuk crita “Lampahipun Bagong” lan ora ngetokake panakawan Petruk. Mula wa­yang purwa ing wewengkon Ponorogo sa­kiwa tengene ora ngenal panakawan Pe­truk.

(Ana Candhake)



Tidak ada komentar:

Posting Komentar

  Sepanjang sejarahnya, aksara Jawa ditulis dengan sejumlah media yang berganti-ganti seiring waktu.   Aksara Kawi   yang menjadi nenek moya...