Kamis, 27 November 2014

Ilmu Genetika ing Wayang Kulit Purwa

Sing diarani ilmu genetika (genetics) yaiku ilmu sing nyinau babagan sifat-sifat keturunan utawa pewarisan (he­reditas) kanthi secara ilmiah (tinemu ing na­lar). Mula genetika uga sok karan ilmu ketu­runan. Pawongan sepisanan kang nyinau ilmu genetika yakuwi Gregor Mendel  dhuk rikala taun 1900 kang banjur nemokake sawi­jine aturan-aturan kanggo nerangake  cara-cara pewarisan keturunan lan sifat-sifat biologi saka generasi siji nyang generasi bacute. Kanthi anane prastawa kasebut kang banjur dadi laire ilmu genetika.
Adoh sadurunge Mendell nemokake teori keturunan kasebut, wong Jawa yektine wis kenal luwih dhisik karo prinsip-prinsip pe­warisan ing ilmu genetika. Buktine bisa di­simak ing andharan ngisor iki:
Tumrap wong Jawa mligine, lan bangsa Indonesia umume, mesthi wis ora kekilapan maneh marang kesenian adiluhung yaiku wayang kulit purwa kang tekan saiki isih raket karo panguripane wong Jawa saben dinane.
Miturut Dr. Budi Setiadi Daryono, M.Agr. Sc <http://M.Agr.Sc>, dosen genetika saka fakultas biologi, Universitas Gadjah Mada (UGM) Yogyakarta, wayang purwa sing cri­tane njupuk seka Layang Mahabharata lan Ramayana mujudake asil karyane para pu­jangga ing tanah Jawa sing original (asli). Bisa diarani “asli” karangane pujangga Jawa  merga critane pancen wis beda utawa geseh adoh karo sumber asline saka Mahabharata lan Ramayana kang asli saka Tanah Hindustan (India). Kanthi mengkono kita bisa ngawu­ningani anane pemahaman lan pangerten wong Jawa marang genetika kang gi­nambarake ing lakon-lakon wayang kulit purwa kang asli karangane pujangga Jawa.

Sesambungane ilmu genetika karo Wayang
Kaya kang wus katur ing ndhuwur me­nawa wong Jawa kuwi temen wis tepung lan mahami genetika liwat bentuk lan wanda wayang kulit purwa wiwit jaman ja-majuja.. Mituru Ir. Haryono H Guritno, wayang kulit purwa wis ana ing Nuswantara wiwit taun 872/903 Masehi, kepara malah ana sumber liya sing nyebutake menawa wayang wis ana wiwit taun 1500 sadurunge Masehi mi­nangka kanggo piranti upacara-upacara pamujan marang Hyang Widhi Wasa. Iki nuduhake menawa wong Jawa wis watara suwe tepung lan wanuh marang wayang.
Menawa kita priksani kanthi premati,  wayang iku bisa kaperang dadi pirang-pirang golongan kanthi bentuk awak sarta busana sing beda siji karo sijine. Dr. Hartono Moe­djisoenoe saka Universitas Kediri nate nggambarake bedane prejengan antarane bentuk lahiriyah lan bathiniyah saka saben-saben paraga (tokoh) wayang, upamane bentuk lan warnane pasuryan (muka), mri­pat, irung, tutuk, suwara sarta watak utawa tumindhak (perilaku) lan sifat-sifate para paraga wayang. Iki bisa diwuningani kanthi becik ing wujud (bentuk) utawa lakone. Mula wong Jawa asring ngendika menawa “ka­cang mangsa ninggala lanjarane”.
Ing tulisan iki bakal ndak andharake conto sawetara saka epos Ramayana lan Maha­bharata ngenani peran genetika ana ing wayang kulit purwa, mligine genetika tumrap kulawargane Werkudara lan genetika ku­lawargane  Resi Wisrawa.
Genetika Kulawarga Werkudara
Miturut kitab Mahabharata, Bima utawa Werkudara iku putrane Bathara Bayu patutan klawan Dewi Kunthi Talibrata, mula Werku­dara uga sok karan Bayusuta kang tegese anake Bayu. Wujude Werkudara gagah gedhe dhuwur (birawa), kanthi suwara gandem (laras nem ageng) lan perilakune memper Bathara Bayu. Iki nuduhake  menawa Werkudara marisi sifat-sifate Bathara Bayu). Ing ilmu genetika, gen kang nggawa sifate Bathara Bayu luwih “menonjol” utawa dominan tinimbang gen saka Dewi Kunthi.
Ing pedhalangan mligine gagrag Nga­yogyakarta, Werkudara iku darbe garwa cacah telu sing asale saka papan (lingkungan) sing beda-beda. Saka garwa kang sepisan, Dewi Nagagini, atmajane Sang Hyang Anantaboga kang awujud taksaka (naga) lenggah ana Kahyangan Saptapratala (sa­jroning bhumi), peputra kakung siji sinung asma Raden Antareja/Anantareja, Antareja nduweni sifat kaya naga, yaiku sarandhune awake tuwuh sisik kencana kaya ula, darbe upas sing mandi (upas antha, upas perayang, lan  upas penganten)  kang bisa disemburake saka tutuk kang mujudake warisan saka eyange  (Sang Hyang Anantaboga). Kejaba kuwi, Antareja uga  wasis  mlebu  lan lumaku ana sajroning bhumi (ambles bhumi)  kadidene patrape ula. Gen pembawa sifat  kang dominan ing Antareja dudu saka  Werkudara (ramane) nanging saka eyange kakung sing ora muncul ana ing ibune (Dewi Nagagini). Prastawa kaya ngene iki ing teori genetika disebut epistasis. Nanging menawa kita priksani bentuk (pusuryane : wiwit saka  mripat, irung, tutuk) sarta wandane (solah bawa  lan tindak tanduk) Antareja memper kaya Werkudara. Ing antarane yaiku pa­suryane, mripat, irung, tutuk lan suwarane memper ramane. Kanthi mengkono, gen sing dominan asale saka Werkudara (ramane).
Sabanjure saka garwa angka loro, Dewi Arimbi kang sekawit apaes raseksi (buta wadon), yaiku atmajane saka Prabu Trem­boko, yaksendra saka Negara Pringgadani. Saka Dewi Arimbi iki banjur peputra kakung siji sinung asma Raden Gathutkaca,
Raden Gathutkaca iki gen pembawa sifat ibu (Arimbi) kang dominan. Iki bisa di­wuningani nalika lair Jabang Tutuka (sebutan Gathutkaca nalika isih bayi) apaes diyu  kanthi darbe siyung kaya denawa, nanging pa­suryane (mripiat, irung lan tutuk) sarta suwara, solah bawa lan tindak tanduk (perilakune) kaya Werkudara. Iki nuduhake menawa sifat gen kang dominan asale saka ramane (Harya Sena).
Patutan saka garwa angka telu Dewi Urangayu, atmajane Sang Hyang Baruna (dewaning mina ing dhasaring samodra), lair putra kakung kaparingan asma Raden Antasena/Anantasena sing darbe sifat-sifat kadidene mina (iwak banyu), yaiku sarandhu­ne badhan tuwuh sisih, bisa urip ana sa­jroning banyu, darbe sepasang sungut mawa wisa kang dumunung  ana ing antarane irung lan tutuk. Gen pembawa sifat kang dominan iki asale saka ibune,  Dewi Urangayu, dene gen pembawa sifat dominan kayata bentuk pasuryane (mripat, irung, tutuk), suwarane, solah bawa lan tindak-tanduke  saka ramane (Werkudara)
Genetika kulawarga Ngalengka
Sarasilah utawa alur kulawargane Rahwana (Dasamuka), kawiwitan saka Resi Wisrawa sing palakrama karo Dewi Sukesi, atmajane Prabu Sumali (nata ing Nga­lengkadiraja kang apaes diyu). Resi Wisrawa iku wujude satriya pinandhita kang bagus pasuryane sarta darbe kasekten kang mumpuni. Resi Wisrawa kang dhaup klawan Dewi Sukesi banjur peputra cacah papat, sing telu wujud jalu (kakung) lan sing sajuga mijil wanodya apaes raseksi.  Kanthi urutan : Rahwana (Prabu Dasamuka kang apaes manungsa kagok yaksa), Harya Kumbakarna (wujud yaksa sagunung anakan), Dewi Sarpakenaka kang awujud raseksi, lan Wibisana (wujud satriya kang pekik pasuryane).
Putra cacah papat kasebut darbe wujud badan lan solah bawa kang beda-beda. Rahwana (Ravana- kang tegese yen mbe­ngok suwarane ngebaki triloka) minangka anak pembayun nduweni pawakan (bentuk tubuh) kadi dene manungsa nanging pasuryane raseksa, mula solah bawane tansah ngemperi sawijine yaksa. Iki nuduhake manawa gen dominan pembawa sifat kasebut asale saka Dewi Sukesi (pembawa sifat resedif) dene saka Prabu Sumali (eyange kang nggawa sifat dominan).
Anak sing angka loro, Harya Kumbakarna, kang wujude yaksa sagunung anakan nanging darbe sipat lan perilaku (solah bawa) kadidene satriya. Iki nuduhake anane“percampuran” antarane gen dominan saka wong tuwane sakloron. Sarirane sing awujud raseksa asale saka pewarisan Dewi Sukesi (ibu) lan Prabu Sumali (eyange), dene solah bawa lan tindhak tanduk (perilaku)  satriya mujudake warisan saka Resi Wisrawa (ramane).
Anak sing kaping telu Dewi Sarpakenaka kang pasuryane raseksi nanging sarirane (awake) kadidene putri kang sulistya ing warni utawa widodari, nanging solah bawane tetep kaya patrape buta. Sipat saka ibune, Dewi Sukesi lan eyange Prabu Sumali, nurunake dominan ing pasuryan lan peri­lakune, dene gen dominan saka ramane (Resi Wisrawa) dumunung ing perangan awake sajabane pasuryan.
Anak kaping papat Raden Kunta Wibisana iya Gunawan Wibisana awujud satriya dene solah bawa lan pangandikane kadidene sawijining satriya pinandhita. Iki nuduhake menawa gen dominan ramane (Resi Wisrawa) nurun ana putrane sing waruju iki.
Isih akeh maneh conto-conto pewarisan genetika liya ana ing kulawargane Prabu Bathara Kresna kang krama antuk Dewi Jembawati, atmajane Resi Jembawan kang apaes wanara (kethek) kang banjur peputra Raden Samba Wisnubrata kang bagus pasuryane lan solah bawane ngemperi Prabu Kresna (ramane), nanging ing sarandhune badan dituwuhi wulu-wulu alus kang mi­nangka warisan saka Resi Jembawan (eyange). Semono uga Begawan Palasara (Parasara) kang krama karo Dewi Dur­gandhini sarta tedhak turune.
Panutup
Adhedasar bentuk lan lakon ing wayang kulit purwa kasebut, bisa diwuningani menawa Wong Jawa wis suwe tepung  lan kenal karo prinsip-prinsi genetika (senajan wektu semana durung lair secara formal kanthi bentuk teks-teks ilmiah). Kanthi mengkono kita ora perlu minder lan golek kupiya supaya bisa sejajar karo bangsa-bangsa liyane kang wis suwe tepung lan wanuh karo pengetahuan genetika. Kanthi kerja keras, tekun, semangat nasionalisme lan gotong royong kanggo njaga persatuan lan kesatuan bangsa mujudake modhal kang pokok kanggo nggayuh kemajuan lan dadi bangsa kang maju sarta modern ing jaman globalisasi iki. Sumangga. (Amien Nugroho)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

  Sepanjang sejarahnya, aksara Jawa ditulis dengan sejumlah media yang berganti-ganti seiring waktu.   Aksara Kawi   yang menjadi nenek moya...