Dineng nagara Malowopati, langkong raddja sarta kerta gemma, nagara ngada’in
tase’, ban mongkorragin goenong, ngapet songaj ngorebin pergin, tana landoe ta’
djama’, tatanemman tolos, reng kene’ toro’ pernatan, berkattepon rato
bitjaksana adil, rangrang oreng doerdjana.
Makaten pethikan Serat Angling Darma Ambya Madura
pupuh I Artate. Anggitanipun Raden Sosrodanoekoesoemo. Wedalan Pangecapan G
Koff and Co Surabaya taun 194l. Sampun kacathet wonten bukunipun Henri
Chamber Loir sarta Oman Faturrahman asesirah Khazanah Naskah: Panduan koleksi
naskah-naskah Indonesia sedunia wedalan Ecole Francais d’Extreme Orient sarta Yayasan
Obor Jakarta taun 1999. Dene suraosipun tetembungan ing nginggil kirang
langkung makaten
Nagari Malowopati punika langkung ageng sarta subur, nagarinipun ngajengaken
seganten, ngungkuraken gunung, kaapit lepen ingkang ngelebi pasabinan sarta
pategilan ingkang subur, tulus sadaya tetaneman, lampahipun mawi pranatan
sarta dipun asta ratu ingkang adil wicaksana, awis sanget wonten tiyang
tumindak durjana.
Wonten ing pupuh I Raden Sosrodanoekoesoemo ugi nedahaken bilih anggenipun
nganggit Serat Angling Darma Ambya Madura punika nedhak saking cariyos Jawi
Kina. Namung kemawon boten dipun sebataken nedhak Serat ingkang pundi sarta
anggitanipun sinten.
Panganggitipun adhapur sekar macapat. Naminipun sekar
sami kemawon kalihan sekar Jawi kina. Ingkang benten basa ingkang dipun
ginakaken. Kados ta Artatesami kalihan Dhandhanggula, Senom-Sinom, Kasmaran-Asmarandana, Kenante-Kinanti, Pangkor-Pangkur, Pocong-pucung, Mejil-Mijil.
Pambaginipun Serat boten mawi istilah pupuh ananging mawi istilah bageyan.
Saben bageyan dumados saking sawatawis sekar. Upaminipun Bageyan I bubukaning
Serat mawi pupuh Artate, lajeng kasambet Senom, Mejil sarta Kasmaran. Bageyan
II Kenante, Pangkor, Mejil, Durma sarta Senom. Bageyan III Mas Kumambang,
Artate, Kasmaran, Artate, Pangkor, Kenante sarta Artate. Bageyan IV Kenante,
Mejil, Kenante, Senom, Artate, Kenante, Mejil sarta Durma.
Ingkang nenarik wonten ing Serat punika mawi methik
sawatawis tembung Jawi kangge ningkataken bobot sarta daya kekuwataning sastra.
Panyeratipun wonten ingkang pleg sami, upaminipun tembung nganggit, punjul
sarta sentana. Wonten ingkang dipun wewahi supados laras kalihan guru lagu
sarta guru wilangan. Upamanipun tembung kayungyun dipun gantosngajoenjoen, sak solahe dipun
gantos sasolana, wusana dipun gantos basanana.
Lajeng kangge nedahaken warninipun sekar ingkang dipun
angge mawi sasmita gendhing.Inggih wujud tetembungan ingkang kangge pratandha
sekar ingkang dipun ginakaken. Saged mawi tembung lugu kadosta tembung sandika sang
roba mano, enggi sang balibis pote, tole kabit bang-tembangan, arareppen
tembang mejil.Sampun cetha bilih sekar salejengipun ingkang dipun angge inggih sekar
Mijil.
Ananging wonten ingkang mawiakronim, upaminipun tembunggaja duli cabissagin,
sang raja pon nete en jarwanipun titiyan gajah sampun saumdya, sang prabu lajeng bidhal. Tembung
bidhal punika wosipun sami kalihan tembung medal utawi mijil. Kangge pratandha
namining sekar candhakipun.
Sarta mawi tetembungan ingkang ungelipun sairib.
Upaminipun tembung pote minangka sesandining tembung Artate. Jangkepipun Lok-ologan
kaja da’ ké demmang duli, du paman paneka’, kula ollé blibis pote, bagus tor
téra’cajana. Wosipun anggenipun ngaturi Demang kanthi sora, paman, kula pikantuk
peksi meliwis pethak, bagus tur malih mawa cahya wulunipun.
Wonten ing ngriki Raden Sosrodanoekoesoemo
anggenipun maringi irah-irahaning Serat mawi tembungambya utawi ambyah ingkang jarwanipun
mratah. Wosipun pangganggitipun serat punika supados saged mratah dipun
sumerepi kalihan tiyang Madura sadaya. Sepuh anem sami tulus. Kacihna wonten
tetembungankengeng badi baca’an da’ sabannya’epon bangsa Madura sadaja, towa ngoda
me’ oneng semmona toles.
Sarta menangka’an toladan utawi minangka tetuladhan. Awit ngandhut sawatawis
pengaji luhur ingkang dunungipun meh sami kalihan piwulang Niti. Inggih
kawicaksanan minangka gegebenganing ratu salebetipun ngasta pusaraning praja.
Kacihna wonten sawatawis bageyaning cariyos. Kadosta
Sepisan mituhu. Ingkang winastan mituhu punika wajib menggahing
tiyang gesang. Punapa malih menggahing murid punika wajib mituhu dhateng wulang
wurukipun guru pandhita. Kados ingkang kasebat wonten ing Bageyan I mawi tetembunganban potrana guru,
enggi sang maha pendita, Mani’sutro mela kaemanen, eanggep panjimadan. Tegesipun kula
panjenengan kedah mituhu sarta ngurmati dhateng guru sang maha pandhita, awit
sadaya pangandikanipun saged dipun anggep minangka jejimat.
Kados ingkang dipun tindakaken Anglingdarma. Sanajan
jejeripun ratu tetep nggadhahi wajib mituhu dhateng guru sang maha pandhita.
Awit manawi mboten mituhu guru punika nama duraka, mesthi badhe nemahi
bebendhu. Kados kasebat ing tetembungan Bageyan II, ungelipun reng nerrak
larangna guru, maste daraka epanggi.
Kaping kalih tansah eling ing Gusti Ingkang Mahasuci. Ingkang dipun
wastani eling punika panindakipun mboten namung manawi nembe nemahi kasisahan
ananging prayogi katindakaken saben dinten. Kadosdene ingkang dipun lampahi
Anglingdarma. Bab punika kasebat wonten ing Bageyan I ungelipun nalekana
ngoladin, solana mano’ se bannya’, semmona ta’ bida oreng, emot da’ Maha Socce. Ingkang dipun
wastani eling punika panindakipun mboten manawi nalika nemahi sanggarunggi
ananging prayogi katindakaken saben dinten.
Kaping tiga rumaket ing raos paseduluran. Menggahing gesang
bebrayan ing Madura wonten unen-unen kenca polatan, kanca taretan. Wosipun kanca
ingkang polatanipun sae punika nglangkungi sedherek piyambak. Bab punika
nedahaken bilih raos paseduluran kalihan tiyang sanes punika rumaketipun saged
nglangkungi raos paseduluran kalihan sedherek piyambak. Awit tansah jaga
jinagan. Kadosdene ingkang katindakaken Naga Partala, tansah anjagi
Anglingdarma. Ing serat kasebataken mawi tetembungan Naga
Pertala se esambadin, ganeko pan kenal lebat becce, ban bula ajanji, lebbi
tretan onggu.
Kaping sekawan tuhu setya ing jangji. Menggahipun tiyang
gesang tuhu setya ing jangji punika wajib. Punapa malih menggahing
Anglingdarma manawi boten tuhu setya ing jangji badhe sangsara gesangipun.
Kados ingkang kasebataken wonten bageyan III ungelipun nangeng
sengko’ poma-poma ja’ padaddi rato gun dinna’, karan sengko’ reya laggi’ epaste
nyandang sangsara.
Saged ugi kapidana dening para Dewa. Awit jejering
ratu punika boten sanes minangka silih swantenipun Gusti Ingkang Maha Suci.
Kados ingkang kasebataken wonten Bageyan II monggu rato cedra oca’ dibi’, kenneng okom laban
diba lebbi, seda la epaste dapa’ claka’epon.
Mila punika kedah wantun ngakeni kalepatan sarta
nyuwun gunging sih wilasa dhumateng Gusti ingkang Maha Suci kanti cara
mertobat. Ing Serat kasebataken mawi tetembungan pan sengko’ dibi’ ta’ enda’ da’ totor bagus,
sang raja Angling Darma lebat ngennes dalem ate, pan atobat sang rato da’ ka
dibana.
Kaping gangsal santosa ing tekad. Sanajan jejering
ratu punika prasasat kanggenan saliring daya kasekten ananging salebetipun
nindakaken waradharmaning ratu prayogi santosa ing tekad, awit kathah godha
rancana saking setan sarta iblis ingkang saged dados pepalanging lampah.
Kados ingkang dipun ngendikaken Anglingdarma dhateng
Patih Batik Madrim makaten ungelipun gun jalan pan raja coba, lamon kodu maksa
ngereng, kodu kellar merrangenna gudana syetan ban bellis.***
Tidak ada komentar:
Posting Komentar