Sikat gigi (sigi) disumurupi dadi salah siji srana kang
nyebabake lara untu lan gusi. Jalaran ing sikat gigi kang katon resik lan
garing kuwi pranyata tumempel bakteri luwih saka sayuta kang asipat patogen.
Apamaneh kahanane sigi kuwi lembap bisa njalari tumangkare bakteri kanthi
cepet.
Milih sikat gigi (sigi) dudu perkara kang gampang. Saliyane ngresiki untu lan nyegah penyakit, pranyata sigi dadi salah siji panggonan kang trep marang tumangkare bakteri kang bisa ndadekake lara untu lan gusi. Jalarane ing sigi kang katone resik sajak tumempel bakteri luwih saka sayuta.
Bakteri-bakteri kasebut, utamane kang
asipat patogen,
nyebabake sakehing penyakit. Bakteri kang tumempel ing sigi asale saka proses
transfer ing growongan cangkem (rongga mulut), ditambah klawan bakteri kang ana
ing sakiwa tengene, lan tambah nemen maneh amarga faktor kelembapan kang
ngrikatake tuwuhe bakteri kuwi.
“Saka sigi siji bisa tuwuh mawarna-warna
penyakit. Wiwit saka bau mulut, rusake untu (karies), kelainan marang sakiwa
tengene untu lan jaringan liyane sing nyangga untu, engga penyakit sariawan
kang angel warase,” pratelane Prof Dr drg Melanie S Djamil M Biomed FICD Lab
BioCORE saka Fakultas Kedokteran Gigi Universitas Trisakti ing sawijining
adicara ing Jakarta mentas iki.
Melanie nambahake, kegiyatan nyikat untu,
biyasane njalari tuwuhe bakteri ing ngendi-endi, wiwit saka growongan cangkem,
banyu, hawa, lan sikat gigi utamane ing wulu-wulune sikat.
Bakteri asale uga bisa saka banyu kang
digunakake, kang bisa ngrembaka lan mbentuk klompok. Iki kang dadi sebabe kita
kerep nandhang lara sariawan, radhang gusi, utawa penyakit untu liyane sanajan wis
sregep sikatan. “Bakteri sing ana ing sigi, bisa pindhah menyang growongan
cangkem nalika sikatan, mangkono uga kosok baline. Dadi, nulare bisa
wolak-walik,” ujare.
Sawatara conto bakteri sing kerep
pindhah-pindhah lan bisa tumempel ing sigi, Melanie nyabutake, ing antarane
yaiku jamur, kolera, baksil tifus, Staphylococcus
aureus lan Enterohemorr-hagie-coli. “Apamaneh bakteri cepet ngrembaka ing
papan karemane, lembab, asam, lan teles slaras karo kahanane jedhing nalika
sikatan,” tandhese.
Melanie nambahake maneh, bakteri siji
ing itungan dhetik wae bisa enggal ngalamimultiplikasi lan nak-tumanak.
Mula saka iku, Melanie aweh pratikel, wigati
tumrap kita ngrumat apa kang ngupakara kita, klebu sigi sabubare digunakake.
Saora-orane piranti kang gawe bakteri kasebut cepet tumangkar, yaiku kahanan
kang lembab.
Pangrumatan kang bisa ditindakake mungguhing
sikat gigi kang bubar digunakake, kaya ta tansah ngresiki sisa-sisane banyu
klawan cara dikipat-kipatake utawa klawan migunakake tisu utawa lap khusus
supaya sikat gigi kuwi enggal garing.
Nanging, kadhang-kadhang kita ora duwe wektu
kanggo nggaringake, iklim tropis Indonesia klawan kelembapan hawa kang dhuwur
sajake kita kangelan ndadekake sigi bisa tansah ing kahanan garing.
Carane milih sigi
Nggatekake growongane cangkem. Yen kita
nduweni susunan untu lan growongan cangkem ciut, becike milih sikat sing
ukuran cilik. Mangkono uga kosok baline. Kegedhen sikat utawa keciliken
ndadekake panggonan sing rupek angel dijangko. Endhas sikat sing cilik bisa
digunakake kanthi becik ing njero growongan cangkem. Tumrap wong diwasa, dawane
endhas sikat 2,5 cm, dene kanggone bocah cilik cukup 1,5 cm.
Dawane wulu sikat uga kudu digatekake.
Sikat gigi klawan wulu sing dawane ora padha ora bisa ngresiki papan sing rata
kanthi becik. Wulu sikat aja kelemesen utawa kekakon. Wulu sikat sing kelemesen
ora bisa ngresiki plak untu kanthi sampurna. Dene wulu sikat
sing kekakon bisa ngrusak jaringan.
Yen kepengin tuku sigi sing dipepaki
nganggo tutup sikat, becike milih sing tutupe ana bolongane. Yen ora, sikat
bakal kanggo papan ngrembakane bakteri amarga lembap. Milih sikat sing gagange
dirancang ora gampang selip saengga ora mletha-mletho nyogrok gusi nalika
digunakake. (KS)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar