Jaman Kartasura
tekan Surakarta
Nalika kraton
Mataram dipindhah saka Plered menyang Kartasura dhek jamane Sunan Amangkurat
Amral amarga wis dianggep ilang wahyu kratone. Ing kraton anyar iki wayang
purwa kabeh ngalami owah-owahan. Sunan Amangkurat Amral yasa putren nganggo
gelung keling lan kelatbahu. Wayang Gathutkaca sing sekawit wujude cilik
kanthi tutuk gusen diganti nganggo wayang kanthi wujud satriya gagah kang
praenane kaya Werkudara kanthi wanda tathit. Kabeh wayang tokoh dewa
nganggo lendhang, diwenehi jubah (kethu keyongan), klamben lan nganggo sepatu,
kejaba Bathara Guru lan Bathari Durga. Dene wayang pandhita diwenehi klambi,
nganggo kethu lan tanpa sepatu. Kejaba kuwi saben ana pagelaran wayang purwa
mesthi ngetokake panakawan Bagong sing diwenehi sengkalan “Mantri Sirna hangoyak Jagad” kang tegese taun 1679 M. Ingkang
sinuhun uga yasa wayang buta gundhul sing gulune cendheg, nganggo punuk lan
irunge mlenthung kaya endhog disebut buta endhog utawa buta punuk lan uga yasa
buta Terong kanthi mripat tangan mung siji sing banjur kaparingan sengkalan:
“Marga sirna Wayanganing Nata” utawa
taun 1682 M.
Semono uga nalika
Puger jumemeng nata ing Kartasura kanthi jejuluk Susuhunan Paku Buwono I,
nyampurnakake wayang purwa kanthi pola wayang mataraman. Wayang patih lan
andhahane diwenehi klambi sikepan lan rapekan kanthi nganggo keris lan
pedhang. Uga digawe wayang gunungan gapuran lan wayang raseksi (buta
wadon) kanthi mata siji kang sinebut Kenyawandu sing kaparingan sengkalan“Buta
nembah Nata tunggal” kang
tegese taun 1701 M. saliyane kuwi ing jaman Sunan PB I uga yasa Serat Menak
(Narawita), Serat Kandha, Serat Manikmaya lan Serat Nawaruci kang
diserat dening Syiwamurti. Kejaba kuwi ing babagan seni tari, Susuhunan PB I
uga yasa tari pethilan wireng Duryudana-Bima lan Karno Tandhing.
Ing jamane Sunan
Paku Buwono II (1727 – 1747) ngasta pusaraning praja, digawe wayang anyar ing
antarane wayang kanthi mripat liyepan, Arjuna wanda Jimat, wanda Mangulan lan
wanda Kanyut sing banjur diparingi aran Kyai Pramukanya. Wayang sing digawe
dening Ki Cermapangrawit lan Ki Gondo iku rampung ing taun 1731 kanthi
kaparingan sengkalan “Buta
Lima Anggoyang Jagad”.
Sunan Paku Buwono
II uga yasa wayang gedhog kanthi wanda wayang purwa kang banjur kaparingan
aran Kyai Banjet. Ing sajabane kraton akeh sing padha gawe wayang golek
purwa, wayang terbang kanthi crita Menak. Pangeran Pekik saka Surabaya uga yasa
wayang Krucil saka kayu sing banjur katelah kanthi aran wayang klithik kang rampung ing taun 1737 kanthi
kaparingan sengkalan Gapura Lima
Ratuning Bumi. Ing babagan seni tari, panjenengan dalem nata yasa tari
Srimpi Lagi dhempel, Bedhaya Sinom. Lan Wireng Laras Panji
Rusake kraton
Kartasura nalika dumadi Geger Pacinan, mula banjur dipindhahake menyang
Surakarta utawa Solo duk rikala taun 1849. Nalika kraton anyar iku diasta
dening Sunan PB III, panjenengan ndalem nata banjur yasa wayang telung
kothak kang sumbere saka wayang Kyai Pramukanya kanthi owah-owahan agemane,
ukuran dedege wayang digawe luwih cendhek, denawa lan wanara kanthi mripat
siji sing sabanjure dadi ciri wancine wayang kulit purwa gagrag Surakarta
nganti tekan jaman saiki. Kejaba iku uga digawe wayang Werkudara nganggo
makutha (kuluk raton) sing banjur diarani Tuguwasesa utawa Jayapusaka, wayang
Rahwana kanthi wanda Belis, Sumbadra wanda Lantreng kang banjur kaparingan asma
Kyai Mangu, lan Kyai Kanyut, kaparingan sengkalan Resi Trus Kawayang Tunggal utawa taun 1772 M. Kejaba kuwi uga
digawe wayang kanthi pola dhasar Kyai Pramukanya sing dhuwure ditambah setengah
palemahan, denawa lan wanara kanthi mripat siji. Wayang iki banjur
kaparingan jeneng Kyai
Pramukanya Kadipaten..
Ing jamane
Susuhunan Paku Buwono IV digawe wayang pirang-pirang kothak lengkap kaparingan
jeneng Kyai Jimat, Kyai Kadhung (wayang purwa), Kyai Dewakaton (wayang gedhog).
Sabanjure uga disusun sulukan kanggo wayang kulit purwa lan wayang gedhog sing
cakepane dijupuk saka Serat Baratayuda, Serat Rama, lan Serat Witaraha kanthi
kaparingan sengkalan Katon
Guna Swareng Rat, tegese taun 1732 Jawa.
Nalika
Sunan Paku Buwono IV ngasta pusaraning praja, para pujangganing kraton
kang dipandhegani dening Yasadipura yasa Serat Arjunasasrabahu, Serat
Baratayuda, Serat Wicarakeras, serat Wulangreh. Serat Wiwahajarwa, Serat
Cebolek, Serat Wulanggana, lan Serat Darmasurya (mistik).
Tumangkare wayang
ing jamane Sunan Paku Buwono V (Sinuhun Bagus) pancen ngedab-edabi. Sunan PB V
yasa wayang kathi babon (pola dhasar) saka Kyai Mangu ditambah saka pakemahan
(kira-kira 3 – 5 cm), uga ana owah-owahan busanane wayang purwa, wanda digawe rangkep,
wayang katongan (raja) ngagem makutha.
Wayang iku banjur diarani Kyai Jimat kang banjur kaparingan sengkalanYaksa
Sikara Amrik Panggah kang
tegese taun 1739 M. Kejaba kuwi, uga digawe wayang kanthi dhasar (babon) wayang
Kyai Kanyut kanthi ditambah dedege udakara 1 – 6 cm, wayang putren diwangun
utawa diselarasake, digawe kanthi wanda rangkep, ananging asile wayang kurang
maremake, mula banjur disebut “Kyai
Kadhung” kanthi sengkalanWayang
Loro Sabdaning nata tegese
taun 1739 M. Senajan mengkono, Wayang Kyai Kadhung engga seprene kabiji
minangka ringgit paling becik kualitas sunggingan, bedhahan lan warnane.
Sunan PB PB V uga
paring dhawuh nggawe wayang gedhog kanthi babon wayang Kyai Banjet Kartasura
kanthi wanda sing beda karo wayang purwa kang banjur diarani Kyai Dewa Katon
kang kaparingan sengkalan :”Tanpa Guna Pandhita Praja”sing tegese taun
1800 M. sabanjure uga digawe wayang Ramayana wiwit Lokapala kanthi babon wayang
Kadipaten sing dedege ditambahi sapalemahan, denawa lan wanara kanthi mripat
siji lan tangane loro bisa diobahake kang banjur kaparingan pepenget sengkalan Swareng Pawaka kagiri raja” sing tegese taun 1811 M.
Suluk-suluk lan ada-ada saka kitab Ramayana lan Mahabharata dikumpulake dadi
siji kang banjur kaparingan tetenger “Pakem
lakon”.
Ing taun 1788, pujangga Kraton Surakarta,
Yasadipura I lan Yasadipura II mbangun Kapustakan Jawa kango nyimpen
kitab-kitab yasane, kayata Arjunawiwaha, Ramayana, Bharatayuda, Arjunasasrabahu,
Lokapala lan Dewaruci 1796 – 1803, uga kitab Menak Koncar lan Serat Ambya.
Nalika jaman
Sunan Paku Buwono VI (1830 – 1856) Danuatmaja, sawenehe perajin wayang saka
Solo, nggawe wayang Dupara kanggo pentas kanthi crita Babad Demak,
Pajang, Mataram lan Kartasura. Ing jamane Sunan PB X, madeg papan pasinaon
tumrap para calon dhalang utawa Sekolah Dhalang Radya Pustaka kanthi aran Padhusaka saka cekakan tembung Pasinaon Dhalang Surakarta ing taun 1823.
Wayang Ing
Ngayogyakarta
Nalika RM Sujono iya pangeran Mangkubumi
nilarake Kraton Surakarta tanggal 19 Mei 1746, abdi kinasihe aran Jayaprana lan
anake Jaka Penatas (sing umure lagi ngancik 18 taun) uga ndherekake tindake
Jeng Pangeran Mangkubumi. Miturut saka KRT Djajadipura, nalika dumadi paprangan
ing tlatah Kedhu lan Bagelen, Jayaprana mapan ing desa Danaraja (cedhak Wonosobo),
manggon ing omahe Atak, warga desa Danaraja. Nalika semana Jaka Piñatas uga
melu perang. Sawijine dina, sarampunge melu perang ana ing wewengkon Tidar,
Jaka Penatas ora nerusake melu perang, nanging bali nyang Danaraja. Ing kono
Jaka Piñatas banjur nerusake anggone gawe wayang.
Amarga kepotangan budi marang
keluwargane Atak, minangka pituwase, Atak diajari gawe wayang purwa. Lan
kanggo nyupeketake anggone paseduluran, Jaka Piñatas banjur nggarwa Sutiyah,
anake Atak. Nalika Sutiyah nggarbini, Sutiyah ditinggal gurulakine lan
maratuwane nyusul P. Mangkubumi. Sabanjure Sutiyah mbabar putra kakung sinung
asma Bagus Riwong. Putune Atak iki wiwit cilik seneng gawe wayang kaya bapak
lan embahe.
Sawise dumadi
bedhamen kang banjur ditapak astani Prajanjen Giyanti utawa palihan
negari antarane Susuhunan Paku Buwono III, Pangeran Mangkubumi lan
Kompeni Walanda duk rikala surya kaping 13 Februari 1755 ing desa Giyanti
(cedhak Salatiga). Pangeran Mangkubumi nuli yasa kedhaton ing desa
Pacethokan ing tepining alas Beringan sing banjur karan Kraton Ngayogyakarta
Hadiningrat. Sawise jumeneng nata kanthi jejuluk Sampeyan Dalem Ingkang
Sinuwun Sultan Hamengkubuwono I, Jayaprana lan Jaka Piñatas tetep setya bekti
marang sang nata. Ing sajroning kahanan tentrem, abdi sakarone sangsaya
mantheng anggone olah seni natah lan nyungging wayang. Ing antarane bapak lan
anak iku ana bedane garapane. Wayang gaweyane Jayaprana yen disawang wujude
kaya wong kang lagi njoget utawa sok karan andhadhap. Dene wayang karyane Jaka Piñatas kaya
wong kang lagi ngadeg. Wong sekarone anggone nyungging wayang padha-padha
nganggo teknik gradasi, mung wae wayang gaweyane Jayaprana ing perangan
tertamtu kayata ing sumping, jamang, ditambah motif drajeman (ornament titik).
Bareng mireng yen besan lan mara
tuwane ngabdi ana kraton Ngayogyakarta, Atak banjur nyusul karo nggawa wayang
karyane. Wayang gaweyane Atak iki mawa cirri dedeg cendhek nanging katon gagah,
saiki banjur sing karan wayang gagrag Kedhu.
Bagus Riwong uga
baut gawe wayang. Ciri wayang gaweyane Bagus Riwong ana ing antarane wayang
gaweyane Jayaprana, Jaka Penatas, lan Atak. Wayang karyane Bagus Riwong
sabanjure karan wayang
Prayungan. Bagus Riwong banjur nambahi motif sunggingan sing kasebut
bludhiran (motif kembang-kembangan). Sawise diwasa, Bagus Riwong banjur
kadhaupake lawan Rara Suprih, anake Ki Paku sawijine dhalang saka tlatah Waja
ing Kulon Progo. Sabanjure Bagus Riwong peputra cacah loro, lanang-wadon. Sing
lanang diwenehi jeneng Grenteng. Sawise diwasa. Grenteng pinter ndhalang lan
gawe wayang. Ciri wancine wayang gaweyane Grenteng yaiku sunggingane kang
nduweni bentuk “sorot” sing banjur diarani sunggingan tlancapan. Dheweke uga nambah
motif sing wujude lancip jejer (pasren ing dodot wayang gagahan).
Kanggo nglestarekake lan luwih ngrembakakake
kesenian adiluhung, Susuhunan Paku Buwono III lan Sri Sultan HB I nganakake
mupakatan sing isine: Sunan Paku Buwono III nyengkuyung banget lekase
Sultan HB I sing arep tetep nglestarekake kesenian tradhisonal gagrag Mataraman,
dene Susuhunan Paku uwono III arep megarake kanthi yasa kesenian tradhisional
gagrag anyar. Ing wektu bacute. Amarga anane mupakatan iku kesenian banjur
pilah dadi loro, yaiku gagrag Mataraman utawa gagrag Yogyakarta kang luwih lugu,
tegas, gagah lan ngemot utawa kebak nilai-nilai perjuangan sing dadi
landhesan kanggo mbenthuk watak satriya (kanthi sesanti : nyawiji, greget
sengguh ora mingkuh), sarta gagrag Surakarta/Solo sing luwih lincah (dinamis),
luwih gumebyar, prenes, lan akeh tinemu anasir-anasir anyar.
Senajan anggone
mbina kesenian ing kraton Ngayogyakarta mligine kesenian beksan lan wayang
wong, nanging ora banjur nglirwakake marang pembinaan wayang purwa. Mula Sri
sultan HB VIII ing tanggal 27 Juli 1925 ngedegake Sekolah Dhalang kanthi aran “Habirandha” (cekakan saka hambiwarakae Rancangan
Dhalang) sing dipandhegani dening BPH Surtodiningrat lan KRT Jayodipomo kanthi
Ketua RM Gondoatmojo.
Sekolah dhalang
Habirandha iku tekan saiki isih lumaku kanthi becik. Kejaba iku wiwit jamane
Sri Sultan HB VIII tekan HB X, sabakdane Riyaya Idhul Fitri diadani pagelaran
ringgit purwa sewengi nuthug sing diarani “Bedhol
Songsong”mapan ing kagungan Dalem bangsal Kemagangan kanthi dhalang njupuk
saka lulusan Habirandha.
Ing tanah Jawa saliyane pedhalangan
gagrag Surakarta lan Ngayogyakarta, isih ana maneh pedhalangan gagrag Banyumasan,
gagrag Jawa Timuran, gagrak Pesisiran, Ceribonan, lan sapiturute.
Mangkunegaran lan
Paku Alaman
Ora beda karo
para ratu liyane ing tanah Jawa, KGPAA Mangkunegara I nalika ngasta peprintahan
ing Pura Mangkunegaran uga ngrembakakake kesenian tradhisional. Ing taun
1757, KGPAA Mangkunegara nganakake pagelaran wayang wong kanthi crita njupuk
saka crita wayang purwa. Penataan wayang wong iku rampung ing taun 1764 kanthi
sinengkalan Wiwara astha
wayang ing Janma. Sabanjure KGPAA Mangkunegara IV (1853 – 1881) yasa
wayang purwa kanthi babon wayang Kadhung saka Surakarta sing dicilikake ukurane
sipaya gampang lan entheng anggone nglakokake lan nyabetake, mula
wayang kasebut banjur kaparingan aran wayang Kyai
Sabet.
Ing jamane KGPAA
Mangkunegara V uga dibabar serat Pustakaraja madya lan Serat Witaradya dening
Raden Ngabehi Ranggawarsita sing isine nyritakake lelakone Prabu Aji Pamasa
utawa Prabu Kusumawicitra saka krajan Mamenang. Saka adhedhasar “ilham
utawa inspirasi” saka serat iku, KGPAA Mankunegara banjur dhawuh nggawe
wayang jinis anyar sing banjur katelah wayang madya, sing mujudake sambungane
saka wayang purwa karo wayang gedhog. Kabeh wayang jaman Mangkunegara IV
diwenehi tandha ing pasitene (palemahane). Kejaba kuwi uga digawe wayang
Bratasena utawa Werkudara sing disungging ireng kanthi wanda Mimis sing banjur
kaparingan asma Kyai Lintang (1868) lan Werkudara gembleng (warna prada mas) kanthi
wanda Gurnat kang banjur kaparingan aran Kyai Sindung (1670). Sawise rampung
banjur kaparingan sengkalan Mantri
Trusta Memuji ing Gusti, tegese taun 1871 M.
Ana ing jamane Sri Mangkunegara VII
(1916 – 1944) digawe wayang Menak kanggo pagelaran crita-crita saka Serat Menak
kanthi paraga Wong Agung Jayengrana, Dewi Adhaninggar, Umar Maya, Umar Mahdi,
Prabu Nursyirwan lan sapiturute.
Ing Kadipaten Pura Paku Alaman nalika
diasta dening KGPAA Paku Alam II megarake kesenian tradhisional (mligine seni
gamelan/karawitan lan tari) kanthi ora ninggal marang tradhisi sing kepungkur
(gagrag lawas) kanthi yasa Sekar Ageng. Nganti Sri Sultan HB V kepranan
marang Sekar Ageng, saengga paring dhawuh marang para abdi dalem murih nyinau
Sekar Ageng ing pura Paku Alaman.
Ing jamane Sri Paku Alam III, panjenengan
dalem nata sing kawentar tresna banget marang kesenian lan
kasusastran banjur yasa Serat Piwulang , Serat Ambyo Yusup, lan Serat
Dharmo Wirayat. Ing jamane KGPAA Paku Alam IV lan VII panjenengane ngowahi
wujude wayang kanthi ciri wanci nganggo ageman keris, kejaba wayang putren.
Malah kepara paraga wayang Rahwana utawa Dasamuka kejaba nganggo keris uga
nganggo pedhang.
Nuwun