Kamis, 27 November 2014

Miyak Sejarah Tumangkare Wayang Purwa ing Pulo Jawa (1)

Wayang kulit purwa mujudake salah sinine kesenian Jawa sing tumeka saiki tetep antuk  papan ing atine masya­rakat. Kepara kanthi anane “inovasi”anyar saka kreativitase para dhalang mudha, cri­ta wayang purwa sing umure wis atu­san taun kuwi  sangsaya disenengi lan di­ton­ton dening para kawula mudha. Mula ora jeneng mokal yen bebadan donya ing bidhang pendidhikan, ilmu pengetahuan dan kabudayaan, UNESCO, sawetara taun kepungkur (7 November 2003) banjur ne­tepake menawa wayang Indonesia mi­nang­ka salah sijine warisan budaya donya non-bendawi (Masterpiece of Oral and Intangible Heritage Humanity) sing kudu di­les­tarekake. Kepyakan iku mujudake sa­wijinepengakuan tumrap  wayang Indo­ne­­sia minangka “karya budaya” asli (au­ten­tik) utawaindigenous bangsa Indonesia. Ananging, kasunyatane angel ba­nget antuk informasi utawa data sejarah sing autentik ngenani wayang Indonesia. Jalaran diakoni apa ora tradhisi (sistem) dokumentasi ing bangsa kita pancen ora megar kanthi becik.
Sethithik banget sumber kang tinulis utawa temuan arkeologis autentik kang bisa menehi pituduh ngenani sejarah asal usul lan tumangkare wayang ing Jawa utawa Indonesia kanthi data sing sokeh (valid) lan bisa dipertanggungjawabake.
Pethikan pupuh V: Sikarini, bait 9 Ka­kawin Arjuna Wiwaha anggitane Mpu Kan­wa (1030 M) mujudake sumber tinulis bab anane pagelaran wayang purwa kang dianggep paling tuwa dhewe. Ing pupuh kasebut diandharake :

diandharake”anânonton ringgit manangis askl mudha hidìpan
huwus wruh towin yan walulang inukir molah angucap
atur ning wwang tººòêng wiþaya malahâ tan wihikanhina
ri tattwanya-n mâyâ sahana-hana ning bhâwa siluman.

Kang tegese :
Ana wong nonton wayang nangis ka­mi­sesegen lan sedhih atine.Senajan dheweke kuwi ngerti yen wayang iku se­jatine mung kulit kang tinatah,  diwangun kadidene manungsa kang bisa obah lan tatajalma. Kang nonton wayang iku upa­mane wong kang tansah nengenake nafsu kedonyan sing sarwa nikmat, bisa anjalari petenging kalbu. Dheweke ora nyana me­nawa kabeh kuwi satemene mung wewa­yangan kaya sulapan, kang dudu kasunya­tan nanging mung kaya impen wae.
Sumber data arkeologis liyane sing di­anggep paling sokeh yaiku  prasasti saka   jaman peprintahane Rakai Watukura  Dyah Balitung (899 – 911 M). Prasasti iku nye­but­ake “Sigaligi mawayang  hayam mawa­carita Bhimaya kuwara”kang te­gese pa­gelaran wayang Bima nalika isih mudha kang ujube kanggo nyembah ma­rang Hyang (dewa). Dadi ing taun 899 uga wis ana pagelaran wayang kanggo keper­luwan upacara keagamaan. Ing jamane Airlangga (1010 – 1037) wayang wis dadi seni pertunjukan kanggo masyarakat umum.
Keyakinan menawa wayang mujudake produk budaya asli saka bangsa Indonesia nate diandharake dening pakar wa­yang, Prof. Dr. Soetarno, saka ISI Sura­karta. Ing sawijine kalodhangan, panje­nengane mbe­berake kanthi tlesih ngenani babagan seja­rah pengetahuan, konsep ka­endahan (este­tika) apadene teknis sarta filosofi. Crita wa­yang, pratelane, wis dikenal secara luas dening masyarakat Nus­wantara kanthi wujud  kaya kang ka­cetha ing relief relief can­dhi, pertunjukan karya sastra, lan tradhisi lisan (oral).
Miturut Soetarno, tembung “wayang” iku wis wiwit digunakake kaya kang tinulis ing pupuh 664 Kitab Bharatayudha anggi­tane Mpu Sedah  (1137 M), Uga ing kitabTantu Panggelaran (abad 12) kang uga ngandharake ngenani wayang kang migunakake bahan saka kulit kebo uta­wa sapi kang tinatah. Dene kelir utawa geber uga wis digunakake ing jaman iku. (Kitab Wreta Sancaya). Ing sate­ngahe abad kaping 12 wis wiwit migu­nakake unen-unen kanggo ngiringi pa­ge­la­ran wayang ing antarane tundu­ngan lan saron kemanak. Dene ing kitab Negarakertagama (abad 16) di­jlen­trehake menawa iringan unen-une­ne wis wiwit pepak yaiku awujud  tam­bur, gambang, kala, sangha,  lan kema­nak.
Dr. GAJ Hazeu, ahli sejarah kebuda­yaan saka Walanda kang nliti masalah wayang ing taun 1897, ana ing diserta­sine kanthi irah-irahan Bijdrage tot de Kennis van het Javaansche Tooneel, mra­telakake menawa wayang mujudake salah siji asile saka kabudayan Jawa. Iki didasari saka etimologi tetembungan ing pagelaran wayang kang asli saka basa Jawa kayata dhalang, kelir, wayang, keprak, lan blencong. Upamane ukara wa­yang kuwi asale saka tembung wewaya­ngan. Diserta­sine Hazeu kasebut  mujud­ake asile saka pa­naliten ilmiah babagan wayang kang wis ditindake, senajan pa­naliten kasebut luwih condhong ing baba­gan linguistik (ilmu nge­nani babagan basa), mula bisa didadekake minangka salah sijine sumber sing sokeh.
Nanging satemene tekan saiki isih katon sethithik banget ngenani panaliten ing ba­ba­gan sejarah pagelaran wayang. Pryohutomo ing taun 1933 nulis disertasi­ne kang asesirah Nawaruci uga luwih con­dhong nyang panaliten ing babagan linguis­tik. Pirang-pirang sumber “tinulis” liya kang bisa kanggo rujukan miyak seja­rah wayang yaiku serat Centhini (1823) sarta Sastra­miruda (1920) kang uga mbeber babagan wa­yang, nanging luwih nengenake minang­ka tradhisi lisan (oral), saengga angel digo­leki wewatone. Sa­banjure Prof. Dr. Poerbo­tjaraka  ing buku­ne Kapustakan Jawi(1952) uga njlentreh­ake panalitene ing babagan wayang.
Wujude wayang
Kepriye mungguh bentuk utawa wu­jude wayang dhek jaman semana ? Kawi­tane, wayang wujude digawe “realis” (per­sis blegere manungsa tanpa disamar­ake) kaya kang kapetha ing temboking candhi Prambanan, Jawa Tengah (abad ka­ping 10). Ing jaman Majapahit (abad kaping 13) bentuke wayang wiwit digawe rada miring (menyamping) nyonto ma­rang relief ing Candhi Penataran, Jawa Timur (bentuk au­tentike tekan saiki bisa kita priksani ing wayang Bali)/ Anane candhi-candhi kasebut nuduhake anane pengaruh sing kuwat saka agama Hindu ing Jawa. Apamaneh relief lan reca-reca kang ana ing candhi-candhi ka­sebut akeh sing ngemot fragmen-frag­men utawa adegan-adegan (jejer) kang du­madi ing crita wayang. Temboking candhi Pramba­nan akeh macak crita epos (crita kepahla­wanan) saka Ramayana karangane Mpu Walmiki. Candhi Sukuh ing Karanga­nyar saperangan gendhe majang crita Su­damala (Durga Ruwat) lan Bimasuci kang mujudake perangan kang dijupuk saka crita Mahabharata. Candhi Pena­taran akeh macak crita Ramayana lan Kresnayana.
Wiwit abad kaping 10 tekan pung­ka­saning abad kaping 11, pagelaran wayang kulit purwa wiwit ngalami owah-owahan ngenani babagan este­tika (kaen­dahane) lan filsafate. Ing ja­man krajan Demak (abad kaping 15) wa­yang sing sekawit wujude realis banjur distelisasi (disamarke murih ora madhani karo mak­luk hidup) sing dadi larangane agama Islam kanthi cara di­sanggit miring (2 dimensi) mula banjur karan ringgit (di­sanggit miring). Ing jaman Demak, para­ga-paraga wayang beber dijupuk (disalin) mbaka siji ban­jur digambar lan ditatah ana ing walulang (kulit kewan) terus diwenehi gapit (garan) saengga wayang bisa ditancepake ana ing debog utawa kayu diwenehi bolongan/ Anggone yasa wayang kulit wewaton wa­yang beber iku rampung banjur diwenehi sengkalan kang unine “Sirna Suci Caturing Dewa”  kang te­gese taun 1578 M. Sena­jan mengkono wayang beber isih tetep dilestarekake mi­nangka dadi tontonan masyarakat sajabane kraton.
Wayang jaman Demak tekan Mataram
Ing jaman Demak pagelaran wayang purwa megar ngedab-edabi, kayata Su­nan Giri banjur njangkepi bentuk paraga wa­yang purwa nganggo paraga wayang “wa­nara” (kethek) kanthi mripat loro kaya buta  (sing sabanjure dadi ciri wancine wayang kulit gagrag Yogyakarta) saengga bisa kang­go mbabar lakon Ramayana. Sa­banjure, Sunan Bonang uga nggawe pau­geran (pe­dhoman) simpingan wayang ing sisih te­ngen lan kiwane dhalang. Sim­pingan wa­yang ditata kanthi adhedhasar golongan, warnane muka (rai), bentuke rai, bentuke lambe (upamane ngablak, anje­ber) ben­tuke mripat, rupane badhan, jinise ageman, jinise jangkahan lan sapi­turute. Simpingan wayang dianggep becik menawa kepenak disawang, seimbang, lan “ribig” tegese ing antarane bahu lan palemagan wayang saka sing paling dhu­wur dhewe tekan sing paling cendhek dhe­we menawa ditarik garis lurus bisa sejajar. Conto panatane simpi­ngan wayang sing becik lan ribig bisa diprik­sani ing pagelaran wayang Bedhol Song­song ing bangsal Kemagangan Kraton Nga­yogyakarta saben tanggal 1 Syawal.
Simpingan sisih tengen racake ngemot paraga wayang sing darbe watak jujur, luhur lan berbudi bawalaksana asih mring sesami lan tansah njunjung dharmaning satriya dadi utusaning adil. Dene simping­an kiwa isine ngemot paraga wayang de­nawa (buta) lan para wayang kang watak­e angkara murka budine candhala, keja­ba Setyaki, Baladewa, Matswapati, Kum­ba­karna, lan sapiturute. Dene Sunan Kali­ja­ga nambahi perangane pagelaran, ka­yata kelir, gedebog minangka symbol bhu­mi, blencong (simbol surya), kothak, ke­prak, cempala, sarta nyip­ta wayang Pram­bogan/Ampyak, Kayon (Gunungan) sing banjur diwenehi sengka­lan kang unine“Geni Dadi Sucining Jagad” kang nuduh­ake taun 1521 M. Sunan Ku­dus ora keri nambahi suluk (lagon) lan greget saut ana ing saben pagelaran. Ing jamane sultan Trenggana nalika ngasta pusaraning pra­ja Demak, uga digawe wayang wanara kan­thi mripat loro, denawa mripat loro, wayang putren kanthi rambut direbyang. Saliyane kuwi uga diwiwiti pe­rangane awak digembleng (diprada kuning mas) sarta wayang dicilikake ukurane saengga kawentar kanthi aran “wayang kidang kecana”.
Nalika Sultan Hadiwijaya jumeneng nata ing Pajang, sandhangan wayang disem­pur­nak­ake kanthi ditambahi nganggo kuluk jutawa makutha tumrap paraga wayang ratu, para satriya kanthi rambut digelung uta­wa direbyang, nganggo clana cindhe sarta dodot lan uga digawe maneka warna senjata kayata gada, bindhi, senjata cakra, alugara, nenggala, bedhama, cundhama­nik, keris pulanggeni, trisula lan sapiturute. Wayang putren digawe nganggo dodot (ra­pek), rambut direbyang, nganggo ja­mang, kalung, gelang, anting-anting lan kelat bahu. Dene paraga wayang denawa kanthi mripat loro lan rambut diumbar diadhul-adhul sarta nganggo dodot.
Sunan Ratu Tunggal ing Giri (Sunan Giri) ngripta wayang Bathara Guru ngas­tha Cis kang digubet ula naga, kang ora liya awujud sengkalan:”Gegamaning Na­ga Kinaryeng Bathara” kang tegese nu­duh­ake angka taun 1563 M. Kejaba kuwi, Njeng Sunan Bonang uga ngripta wayang gedhog kanggo ngganti wayang beber sing awujud manungsa kang banjur ka­telah kanthi sesebutan wayang beber ge­dhog kanthi yasa lakon Raden Panji. Su­nan Kudus uga yasa wayang purwa saka kayu, wujude gepeng kadidene wayang kulit sing tangane tetep digawe saka kulit. Wayang iku banjur katelah kanthi aran Wayang Krucil utawa wayang Golek Pur­wa sing dipentasake ing wayah awan lan ora nganggo kelir.
Nalika Panembahan Senopati ngasta peprentahan Negara Mataram, panje­neng­ane yasa wayang purwa babone nju­puk saka wayang Pajang, Perangane wa­yang purwa kayata rambute, dodote, kaesta limar utawa cindhe ditatah gem­puran. Wayang Arjuna diwenehi wanda Jimat, Werkudara tanpa dodot nanging mung nganggo cawet poleng diwenehi aran wanda Mimis. Wayang Bathara Guru isi tetep wanda reca kanthi nyekel cis lan ngadheg ana sadhuwure bumi mi­nang­ka pengetan yen kawitane kabeh wu­jud wayang kanthi bentuk reca utawa tanga­ne isih irisan (ora bisa diobahake merga gandheng karo awake wayang). Sawise rampung banjur kaparingan seng­kalan memet Bathara Guru nyekel cis lan ing mburine katanceban umbul-imbul sing ka­repe unine : “Hyang Guru dadi ngecis Bumi” kang nuduhake angka taun 1619 M.
Sawise Mas Jolang jumeneng nata ing Mataram kanthi jejuluk Sinuhun Prabu Anyakrawati utawa kang kawentar kanthi sesebutan Panembahan Seda Krapyak, uga banjur mangun ringgit purwa kanthi babone saka wayang Kidang Kencana, ka­jumput dedeg piyadege setengah pale­mahan, Arjuna wanda Jimat, Werkudara wanda Mimis, Suyudana wanda jangkung, denawa raton wanda barong sawadyaba­lane kanthi mripat loro, tangane sing mburi isih irisan. Kejaba kuwi uga digawe wayang punaka­wan lan dhagelan, kayata Semar, Bagong, Cenguris, Cantrik, uga ngimbuhi gawe dhu­wung (keris), jemparing, lan pu­saka lan­dhep liyane. Sawise rampung ka­paringan sengkalan memet rupa denawa tangan loro kasopak kabeh, mripat siji, siyunge modot maju saka gusi sisih ngisor tekan ngarep nganti ngungkuli lambe lan meh nyangkut karo irung, nganggo keris sing kawentar minangka denawapenga­ring utawa sing kondhang kanthi aran buta Cakil, Sengkalan kang unine“Tangan Yaksa Satataning jan­ma” iku nuduhake angka taun 1630 M.
Kala jamane Sultan Agung Hanyakra­kusuma ngasta pusaraning praja ing  Ma­taram, uga mangun bentuk wayang, bu­sana lan kelengkapane wayang ditatah, wayang lanyapan digawe mbungkuk, mri­pat kedhelen diowahi dadi mripat kedhon­dhong, plelengan, mripat liyepan lan kiye­ran (kero). Sawise mangun wayang sako­thak rampung, uga  digawe wayang Arjuna wanda mangu sing banjur diparingi aran Kyai Mangu., wayang denawa nganggo jalu kanthi rambut gimbal diadhul-adhul sing banjur karan denawa prepat utawa Buta Rambut geni kanthi kaparingan seng­kalan:Jalu Buta Tinata ing Ratu, tegese taun 1631 M.
Nalika Sunan Amangkurat I (Agung) jumeneng ing Mataram, uga gawe lan ma­ngun wayang Arjuna kanthi wanda kanyut kang banjur katelah Kyai Kanyut, Werku­dara wanda Lindhu Panon, Kresna wanda Gendreh lan wanda Surak, Baladewa wanda geger, wanda sembada lan wanda rang­kung, Banowati wanda golek, Semar wanda Brebes, Bagong wanda gilut, Petruk wanda Jlegong. Semono uga digawe wayang buta begal utawa buta alas an nyekel bedhama lan mung nganggo cawet kanthi sengkalan Wayang Buta ing wana Tunggal, tegese taun 1634 M. Kejaba kuwi Sunan Tegalarum iku uga megarake wayang gedhog kanthi ukurane ditambah sak palemahan, sarta nambah ricikan kadidene wayang purwa.
Ing jamane Sunan Amangkurat I para dhalang kraton ora kepareng ndhalang ruwatan kejaba Kyai Panjangmas, dene yen ana dhalang ing sajabane kraton sing arep mayang ruwatan kudu njaluk idi palilah marang Kyai Panjangmas. Nalika ing Mata­ram ana kraman sing ditindake dening Trunajaya, Sunan Amangkuran Agung ke­peksa oncat saka praja arep njaluk bantuan marang Kumpeni ing Batavia lan nalika tlatah Tegal kendel sauntara. Ora keri Ki Panjangmas uga banjur nyusul mrana. Ana satengahe marga, Ki Panjangmas ndhalang saka desa ngadesa kanthi lakon “Lampaha­ning Petruk” lan ora ngetokake Bagong.  Iya saka kene iki asale dhalang wayang pur­wa ing kukuban Kedhu mangulon tekan Ci­rebon ora kenal panakawan Bagong, na­nging saiki njur diganthi nganggo Bawor. Dene Nyai Panjangmas anggone ndhalang ana ing dhaerah wetanan (Ponorogo) kanthi njupuk crita “Lampahipun Bagong” lan ora ngetokake panakawan Petruk. Mula wa­yang purwa ing wewengkon Ponorogo sa­kiwa tengene ora ngenal panakawan Pe­truk.

(Ana Candhake)



Ilmu Genetika ing Wayang Kulit Purwa

Sing diarani ilmu genetika (genetics) yaiku ilmu sing nyinau babagan sifat-sifat keturunan utawa pewarisan (he­reditas) kanthi secara ilmiah (tinemu ing na­lar). Mula genetika uga sok karan ilmu ketu­runan. Pawongan sepisanan kang nyinau ilmu genetika yakuwi Gregor Mendel  dhuk rikala taun 1900 kang banjur nemokake sawi­jine aturan-aturan kanggo nerangake  cara-cara pewarisan keturunan lan sifat-sifat biologi saka generasi siji nyang generasi bacute. Kanthi anane prastawa kasebut kang banjur dadi laire ilmu genetika.
Adoh sadurunge Mendell nemokake teori keturunan kasebut, wong Jawa yektine wis kenal luwih dhisik karo prinsip-prinsip pe­warisan ing ilmu genetika. Buktine bisa di­simak ing andharan ngisor iki:
Tumrap wong Jawa mligine, lan bangsa Indonesia umume, mesthi wis ora kekilapan maneh marang kesenian adiluhung yaiku wayang kulit purwa kang tekan saiki isih raket karo panguripane wong Jawa saben dinane.
Miturut Dr. Budi Setiadi Daryono, M.Agr. Sc <http://M.Agr.Sc>, dosen genetika saka fakultas biologi, Universitas Gadjah Mada (UGM) Yogyakarta, wayang purwa sing cri­tane njupuk seka Layang Mahabharata lan Ramayana mujudake asil karyane para pu­jangga ing tanah Jawa sing original (asli). Bisa diarani “asli” karangane pujangga Jawa  merga critane pancen wis beda utawa geseh adoh karo sumber asline saka Mahabharata lan Ramayana kang asli saka Tanah Hindustan (India). Kanthi mengkono kita bisa ngawu­ningani anane pemahaman lan pangerten wong Jawa marang genetika kang gi­nambarake ing lakon-lakon wayang kulit purwa kang asli karangane pujangga Jawa.

Sesambungane ilmu genetika karo Wayang
Kaya kang wus katur ing ndhuwur me­nawa wong Jawa kuwi temen wis tepung lan mahami genetika liwat bentuk lan wanda wayang kulit purwa wiwit jaman ja-majuja.. Mituru Ir. Haryono H Guritno, wayang kulit purwa wis ana ing Nuswantara wiwit taun 872/903 Masehi, kepara malah ana sumber liya sing nyebutake menawa wayang wis ana wiwit taun 1500 sadurunge Masehi mi­nangka kanggo piranti upacara-upacara pamujan marang Hyang Widhi Wasa. Iki nuduhake menawa wong Jawa wis watara suwe tepung lan wanuh marang wayang.
Menawa kita priksani kanthi premati,  wayang iku bisa kaperang dadi pirang-pirang golongan kanthi bentuk awak sarta busana sing beda siji karo sijine. Dr. Hartono Moe­djisoenoe saka Universitas Kediri nate nggambarake bedane prejengan antarane bentuk lahiriyah lan bathiniyah saka saben-saben paraga (tokoh) wayang, upamane bentuk lan warnane pasuryan (muka), mri­pat, irung, tutuk, suwara sarta watak utawa tumindhak (perilaku) lan sifat-sifate para paraga wayang. Iki bisa diwuningani kanthi becik ing wujud (bentuk) utawa lakone. Mula wong Jawa asring ngendika menawa “ka­cang mangsa ninggala lanjarane”.
Ing tulisan iki bakal ndak andharake conto sawetara saka epos Ramayana lan Maha­bharata ngenani peran genetika ana ing wayang kulit purwa, mligine genetika tumrap kulawargane Werkudara lan genetika ku­lawargane  Resi Wisrawa.
Genetika Kulawarga Werkudara
Miturut kitab Mahabharata, Bima utawa Werkudara iku putrane Bathara Bayu patutan klawan Dewi Kunthi Talibrata, mula Werku­dara uga sok karan Bayusuta kang tegese anake Bayu. Wujude Werkudara gagah gedhe dhuwur (birawa), kanthi suwara gandem (laras nem ageng) lan perilakune memper Bathara Bayu. Iki nuduhake  menawa Werkudara marisi sifat-sifate Bathara Bayu). Ing ilmu genetika, gen kang nggawa sifate Bathara Bayu luwih “menonjol” utawa dominan tinimbang gen saka Dewi Kunthi.
Ing pedhalangan mligine gagrag Nga­yogyakarta, Werkudara iku darbe garwa cacah telu sing asale saka papan (lingkungan) sing beda-beda. Saka garwa kang sepisan, Dewi Nagagini, atmajane Sang Hyang Anantaboga kang awujud taksaka (naga) lenggah ana Kahyangan Saptapratala (sa­jroning bhumi), peputra kakung siji sinung asma Raden Antareja/Anantareja, Antareja nduweni sifat kaya naga, yaiku sarandhune awake tuwuh sisik kencana kaya ula, darbe upas sing mandi (upas antha, upas perayang, lan  upas penganten)  kang bisa disemburake saka tutuk kang mujudake warisan saka eyange  (Sang Hyang Anantaboga). Kejaba kuwi, Antareja uga  wasis  mlebu  lan lumaku ana sajroning bhumi (ambles bhumi)  kadidene patrape ula. Gen pembawa sifat  kang dominan ing Antareja dudu saka  Werkudara (ramane) nanging saka eyange kakung sing ora muncul ana ing ibune (Dewi Nagagini). Prastawa kaya ngene iki ing teori genetika disebut epistasis. Nanging menawa kita priksani bentuk (pusuryane : wiwit saka  mripat, irung, tutuk) sarta wandane (solah bawa  lan tindak tanduk) Antareja memper kaya Werkudara. Ing antarane yaiku pa­suryane, mripat, irung, tutuk lan suwarane memper ramane. Kanthi mengkono, gen sing dominan asale saka Werkudara (ramane).
Sabanjure saka garwa angka loro, Dewi Arimbi kang sekawit apaes raseksi (buta wadon), yaiku atmajane saka Prabu Trem­boko, yaksendra saka Negara Pringgadani. Saka Dewi Arimbi iki banjur peputra kakung siji sinung asma Raden Gathutkaca,
Raden Gathutkaca iki gen pembawa sifat ibu (Arimbi) kang dominan. Iki bisa di­wuningani nalika lair Jabang Tutuka (sebutan Gathutkaca nalika isih bayi) apaes diyu  kanthi darbe siyung kaya denawa, nanging pa­suryane (mripiat, irung lan tutuk) sarta suwara, solah bawa lan tindak tanduk (perilakune) kaya Werkudara. Iki nuduhake menawa sifat gen kang dominan asale saka ramane (Harya Sena).
Patutan saka garwa angka telu Dewi Urangayu, atmajane Sang Hyang Baruna (dewaning mina ing dhasaring samodra), lair putra kakung kaparingan asma Raden Antasena/Anantasena sing darbe sifat-sifat kadidene mina (iwak banyu), yaiku sarandhu­ne badhan tuwuh sisih, bisa urip ana sa­jroning banyu, darbe sepasang sungut mawa wisa kang dumunung  ana ing antarane irung lan tutuk. Gen pembawa sifat kang dominan iki asale saka ibune,  Dewi Urangayu, dene gen pembawa sifat dominan kayata bentuk pasuryane (mripat, irung, tutuk), suwarane, solah bawa lan tindak-tanduke  saka ramane (Werkudara)
Genetika kulawarga Ngalengka
Sarasilah utawa alur kulawargane Rahwana (Dasamuka), kawiwitan saka Resi Wisrawa sing palakrama karo Dewi Sukesi, atmajane Prabu Sumali (nata ing Nga­lengkadiraja kang apaes diyu). Resi Wisrawa iku wujude satriya pinandhita kang bagus pasuryane sarta darbe kasekten kang mumpuni. Resi Wisrawa kang dhaup klawan Dewi Sukesi banjur peputra cacah papat, sing telu wujud jalu (kakung) lan sing sajuga mijil wanodya apaes raseksi.  Kanthi urutan : Rahwana (Prabu Dasamuka kang apaes manungsa kagok yaksa), Harya Kumbakarna (wujud yaksa sagunung anakan), Dewi Sarpakenaka kang awujud raseksi, lan Wibisana (wujud satriya kang pekik pasuryane).
Putra cacah papat kasebut darbe wujud badan lan solah bawa kang beda-beda. Rahwana (Ravana- kang tegese yen mbe­ngok suwarane ngebaki triloka) minangka anak pembayun nduweni pawakan (bentuk tubuh) kadi dene manungsa nanging pasuryane raseksa, mula solah bawane tansah ngemperi sawijine yaksa. Iki nuduhake manawa gen dominan pembawa sifat kasebut asale saka Dewi Sukesi (pembawa sifat resedif) dene saka Prabu Sumali (eyange kang nggawa sifat dominan).
Anak sing angka loro, Harya Kumbakarna, kang wujude yaksa sagunung anakan nanging darbe sipat lan perilaku (solah bawa) kadidene satriya. Iki nuduhake anane“percampuran” antarane gen dominan saka wong tuwane sakloron. Sarirane sing awujud raseksa asale saka pewarisan Dewi Sukesi (ibu) lan Prabu Sumali (eyange), dene solah bawa lan tindhak tanduk (perilaku)  satriya mujudake warisan saka Resi Wisrawa (ramane).
Anak sing kaping telu Dewi Sarpakenaka kang pasuryane raseksi nanging sarirane (awake) kadidene putri kang sulistya ing warni utawa widodari, nanging solah bawane tetep kaya patrape buta. Sipat saka ibune, Dewi Sukesi lan eyange Prabu Sumali, nurunake dominan ing pasuryan lan peri­lakune, dene gen dominan saka ramane (Resi Wisrawa) dumunung ing perangan awake sajabane pasuryan.
Anak kaping papat Raden Kunta Wibisana iya Gunawan Wibisana awujud satriya dene solah bawa lan pangandikane kadidene sawijining satriya pinandhita. Iki nuduhake menawa gen dominan ramane (Resi Wisrawa) nurun ana putrane sing waruju iki.
Isih akeh maneh conto-conto pewarisan genetika liya ana ing kulawargane Prabu Bathara Kresna kang krama antuk Dewi Jembawati, atmajane Resi Jembawan kang apaes wanara (kethek) kang banjur peputra Raden Samba Wisnubrata kang bagus pasuryane lan solah bawane ngemperi Prabu Kresna (ramane), nanging ing sarandhune badan dituwuhi wulu-wulu alus kang mi­nangka warisan saka Resi Jembawan (eyange). Semono uga Begawan Palasara (Parasara) kang krama karo Dewi Dur­gandhini sarta tedhak turune.
Panutup
Adhedasar bentuk lan lakon ing wayang kulit purwa kasebut, bisa diwuningani menawa Wong Jawa wis suwe tepung  lan kenal karo prinsip-prinsi genetika (senajan wektu semana durung lair secara formal kanthi bentuk teks-teks ilmiah). Kanthi mengkono kita ora perlu minder lan golek kupiya supaya bisa sejajar karo bangsa-bangsa liyane kang wis suwe tepung lan wanuh karo pengetahuan genetika. Kanthi kerja keras, tekun, semangat nasionalisme lan gotong royong kanggo njaga persatuan lan kesatuan bangsa mujudake modhal kang pokok kanggo nggayuh kemajuan lan dadi bangsa kang maju sarta modern ing jaman globalisasi iki. Sumangga. (Amien Nugroho)

Ndhedher Karakter “Taat” Lumantar Crita Dewa Ruci

Suksese para pasarta dhidhik mung­­guh ing donyaning pendhidhikan iku tansah dadi pangarep-arepe para guru minangka pendhidhik utawa pang­gu­lawenthah. Sitok bae kaya ora ana ing antarane kita kang darbe pangarep-arep gagal. Kena diarani cuwa-sepa yen ana pendhidhik kang ora berduli marang suksese pasarta dhidhik, sanajan kanya­tane ya pancen ana pasarta dhidhik kang kalebu katagori gagal.
Pasarta dhidhik kang sukses, yen kita gelem nintingi kuwi sajake jebul nduweni rahasia karakter (character secret) sa­njabane aspek kognitif kang ora didar­beni dening pasarta dhidhik liyane, yaiku aspek afektif kang kaejawantahake saca­ra psikomotoris. Aspek afektif endi ta kang gawe sukses mungguhe pasarta dhi­dhik? Yuk, coba kita nginguk sacuwil prototipe karakter ing crita Dewa Ruci!
Paraga Bratasena iku ora aneh ora nyleneh mungguhing wong Jawa mligine, wong Indonesia umume. Crita ngenani wejangan Dewa Ruci marang Bratasena iku dumadi nalika Bratasena manjing dhasaring samodra, ngestokake  dha­wuhe Guru Durna ngupadi Tirta Mahe­ning Suci (Tirta Perwitasari). Kurawa pe­ngin njlomprongake Pandhawa menyang kasangsaran lumantar Guru Durna. Bra­tasena, sawijining siswa Guru Durna diwenehi kawruh dene sajroning ngupadi ngelmu kasampurnaning urip kudu nindakake dhawuhe guru kanthi ngupadi kayu gung susuhing angin ing alas Tik­bra­sara, ereng-erenging gunung Reksa­muka. Bratasena budhal sendika dha­wuh lan madhep-mantep yen ora bakal kejlomprong merga dhawuhe sang guru.
Satekane ing alas Tikbrasara, kang digoleki pranyata ora ana. Alas banjur diobrak-abrik, lan Bratasena kudu tan­dhing yuda nyirnakake raseksa Rukmuka lan Rukmakala. Sabanjure Bratasena bali menyang Ngastina atur palapuran nge­nani bot-repot kang dialami, lan diwang­suli dening Guru Durna dene sabenere dheweke mung didadar-uji. Sabab kayu gung susuhing angin kang diupadi iku sejatine ana ing budi pakarti. Banjur Guru Durna ndhawuhi Bratasena supaya enggal manjing telenging samodra ngu­paya Tirta Mahening Suci. Panganyam-anyaming ati Bratasena, aluwung mati tanpa aran bebasane tinimbang njothak dhawuhe guru, sanajan sejatine ora bisa nylulup samodra. Tog-togane mung pa­srah tanpa kemba dene lara lan pati iku kuwasaning dewa, amarga ya wis setya-sendika marang Guru Durna. Kanthi padhanging pikir lan ati Bratasena njegur samodra. Jroning laku kudu tandhing nyirnakake naga raseksa.
Ing dhasaring samodra Bratasena kepethuk dewa bajang rerupa memper Bra­tasena, aran Dewa Ruci, ya dewane Bratasena pribadi. Banjur Bratasena antuk wejangan saka Dewa Ruci bab ngelmu kasampurnaning urip kang diupaya.
Adhedhasar crita kasebut, sanajan ta Bratasena iku kaanggep siswa kang lugu-balilu nanging pranyata bisa nggayuh gegayuhaning urip, tur angejaba saka panduganing sang guru. Niyate Guru Dur­na kang sakawite nyilakakake Bra­tasena pranyata ngasilake pepadhanging urip (sukses) kang tanpa upama mung­guhing Bratasena. Iku mau ora liya amar­ga Bratasena setya-taat amituhu marang dhawuhing guru. Setya-taat marang dhawuhing guru pranyata nu­wuhake barokah kang luar biasa. Ing kene iki, jagad njereng-njurung kridha kanthi optimal, apa kang tinemu yaiku apa kang denupaya.
Mungguhing para pendhidhik, kang biting saceklek bae bebasane ora duwe niyat njlomprongake pasarta dhidhik/sis­wa, tartamtu luwih bisa nyuksesake ge­gayuhane pasarta dhidhik. Ora ana ale­san subyektif dene pasarta dhidhik iku bodho lan liya-liyane. Ndhedher karakter setya-taat marang pasarta dhidhik kaya wis ora kena dinyang maneh. Mungguh­ing pasarta dhidhik kang wis setya-taat marang ucap lan dhawuhe guru kudu tan­sah digedhekake atine. Ana tetem­bungan, ”Yen murid unggul ateges sing luwih unggul iku gurune”. Ing pamuji, mu­ga-muga kita para pendhidhik kinu­watake jiwane, bisa ngoptimalake po­tensi pasarta dhidhik. Amin.Wilujeng Mahargya Hardiknas 2014!
Panulis Guru Basa Jawa
SMPN 24 Semarang
(Pengurus MGMP Bahasa Jawa
Kota Semarang)

Tetuladhan Serat Angling Darma Ambya Madura

Dineng nagara Malowopati, langkong raddja sarta kerta gemma, nagara nga­da’in tase’, ban mongkorragin goenong, ngapet songaj ngorebin pergin, tana landoe ta’ djama’, tatanemman tolos, reng kene’ toro’ pernatan, berkattepon rato bitjaksana adil, rangrang oreng doerdjana.
Makaten pethikan Serat Angling Dar­ma Ambya Madura pupuh I Artate. Ang­gitanipun Raden Sosrodanoekoesoemo. Wedalan Pangecapan G Koff  and Co Su­rabaya taun 194l. Sampun kacathet won­ten bukunipun Henri Chamber Loir sarta Oman Faturrahman asesirah Khaza­nah Naskah: Panduan koleksi naskah-naskah Indonesia sedunia wedalan Ecole Francais d’Extreme Orient sarta Yayasan Obor Jakarta taun 1999. Dene suraosipun tetembungan ing nginggil kirang langkung makaten
Nagari Malowopati punika langkung ageng sarta subur, nagarinipun ngajenga­ken seganten, ngungkuraken gunung, kaapit le­pen ingkang ngelebi pasabinan sarta pategilan ingkang subur, tulus sadaya te­taneman, lampahipun mawi pranatan sarta dipun asta ratu ingkang adil wicak­sana, awis sanget wonten tiyang tumindak durjana.
Wonten ing pupuh I Raden Sosroda­noe­koe­soemo ugi nedahaken bilih ang­genipun nganggit Serat Angling Darma Ambya Madura punika nedhak saking cariyos Jawi Kina. Namung kemawon bo­ten dipun sebataken nedhak Serat ingkang pundi sarta anggitanipun sinten.
Panganggitipun adhapur sekar maca­pat. Naminipun sekar sami kemawon kali­han sekar Jawi kina. Ingkang benten basa ingkang dipun ginakaken. Kados ta Artatesami kalihan Dhandhanggula, Senom-Si­nom, Kasmaran-Asmarandana, Kenante-Kinanti, Pangkor-Pangkur, Pocong-pucung, Mejil-Mijil.
Pambaginipun Serat boten mawi istilah pupuh ananging mawi istilah bageyan. Saben bageyan dumados saking sawata­wis sekar. Upaminipun Bageyan I bubuka­ning Serat mawi pupuh Artate, lajeng kasambet Senom, Mejil sarta Kasmaran. Bageyan II Kenante, Pangkor, Mejil, Durma sarta Senom. Bageyan III Mas Kumam­bang, Artate, Kasmaran, Artate, Pangkor, Kenante sarta Artate. Bageyan IV Kenante, Mejil, Kenante, Senom, Artate, Kenante, Mejil sarta Durma.
Ingkang nenarik wonten ing Serat punika mawi methik sawatawis tembung Jawi kangge ningkataken bobot sarta daya kekuwataning sastra. Panyeratipun won­ten ingkang pleg sami, upaminipun tem­bung nganggit, punjul sarta sentana. Won­ten ingkang dipun wewahi supados laras kalihan guru lagu sarta guru wilangan. Upa­manipun tembung kayungyun dipun gantosngajoenjoen, sak solahe dipun gan­tos sasolana, wusana dipun gantos basa­nana.
Lajeng kangge nedahaken warninipun sekar ingkang dipun angge mawi sasmita gen­dhing.Inggih wujud tetembungan ing­kang kangge pratandha sekar ingkang dipun ginakaken. Saged mawi tembung lugu kadosta tembung sandika sang roba mano, enggi sang balibis pote, tole kabit bang-tembangan, arareppen tembang me­jil.Sampun cetha bilih sekar salejengi­pun ingkang dipun angge inggih sekar Mijil.
Ananging wonten ingkang mawiakro­nim, upaminipun tembunggaja duli ca­bissagin, sang raja pon nete en jarwanipun titiyan gajah sampun saumdya, sang prabu lajeng bidhal. Tembung bidhal punika wosipun sami kalihan tembung medal utawi mijil. Kangge pratandha namining sekar candhakipun.
Sarta mawi tetembungan ingkang ungel­ipun sairib. Upaminipun tembung pote minangka sesandining tembung Ar­tate. Jangkepipun Lok-ologan kaja da’ ké demmang duli, du paman paneka’, kula ollé blibis pote, bagus tor téra’cajana. Wosi­pun anggenipun ngaturi Demang kanthi sora, paman, kula pikantuk peksi meliwis pethak, bagus tur malih mawa cahya wulunipun.
Wonten ing ngriki Raden Sosroda­noe­koe­soemo anggenipun maringi irah-irahaning Serat mawi tembungambya uta­wi ambyah ingkang jarwanipun mratah. Wosipun pangganggitipun serat punika supados saged mratah dipun sumerepi kalihan tiyang Madura sadaya. Sepuh anem sami tulus. Kacihna wonten tetem­bungankengeng badi baca’an da’ saban­nya’epon bangsa Madura sadaja, towa ngoda me’ oneng semmona toles.
 Sarta menangka’an toladan utawi minangka tetuladhan. Awit ngandhut sa­watawis pengaji luhur ingkang dunungipun meh sami kalihan piwulang Niti. Inggih kawicaksanan minangka gegebenganing ratu salebetipun ngasta pusaraning praja. Kacihna wonten sawatawis bageyaning cariyos. Kadosta
Sepisan mituhu. Ingkang winastan mituhu punika wajib menggahing tiyang gesang. Punapa malih menggahing murid punika wajib mituhu dhateng wulang wurukipun guru pandhita. Kados ingkang kasebat wonten ing Bageyan I mawi te­tembunganban potrana guru, enggi sang maha pendita, Mani’sutro mela kaemanen, eanggep panjimadan. Tegesipun kula panjenengan kedah mituhu sarta ngurmati dhateng guru sang maha pandhita, awit sadaya pangandikanipun saged dipun anggep minangka jejimat.
Kados ingkang dipun tindakaken Ang­lingdarma. Sanajan jejeripun ratu tetep nggadhahi wajib mituhu dhateng guru sang maha pandhita. Awit manawi mboten mituhu guru punika nama duraka, mesthi badhe nemahi bebendhu. Kados kasebat ing tetembungan Bageyan II, ungelipun reng nerrak larangna guru, maste daraka epanggi.
Kaping kalih tansah eling ing Gusti Ingkang Mahasuci. Ingkang dipun wastani eling punika panindakipun mboten namung manawi nembe nemahi kasisahan ana­nging prayogi katindakaken saben dinten. Kadosdene ingkang dipun lampahi Ang­lingdarma. Bab punika kasebat wonten ing Bageyan I ungelipun nalekana ngoladin, solana mano’ se bannya’, semmona ta’ bida oreng, emot da’ Maha Socce. Ingkang dipun wastani eling punika panindakipun mboten manawi nalika nemahi sangga­rung­gi ananging prayogi katindakaken saben dinten.
Kaping tiga rumaket ing raos pase­duluran. Menggahing gesang bebrayan ing Madura wonten unen-unen kenca polatan, kanca taretan. Wosipun kanca ingkang polatanipun sae punika nglangkungi se­dherek piyambak. Bab punika nedahaken bilih raos paseduluran kalihan tiyang sanes punika rumaketipun saged nglangkungi raos paseduluran kalihan sedherek pi­yambak. Awit tansah jaga jinagan. Ka­dosdene ingkang katindakaken Naga Partala, tansah anjagi Anglingdarma. Ing serat kasebataken mawi tetembungan Naga Pertala se esambadin, ganeko pan kenal lebat becce, ban bula ajanji, lebbi tretan onggu.
Kaping sekawan tuhu setya ing jangji. Menggahipun tiyang gesang tuhu setya ing jangji punika wajib. Punapa malih meng­gahing Anglingdarma manawi boten tuhu setya ing jangji badhe sangsara gesangi­pun. Kados ingkang kasebataken wonten bageyan III ungelipun nangeng sengko’ poma-poma ja’ padaddi rato gun dinna’, karan sengko’ reya laggi’ epaste nyandang sangsara.
Saged ugi kapidana dening para Dewa. Awit jejering ratu punika boten sanes mi­nangka silih swantenipun Gusti Ingkang Maha Suci. Kados ingkang kasebataken wonten Bageyan II monggu rato cedra oca’ dibi’, kenneng okom laban diba lebbi, seda la epaste dapa’ claka’epon.
Mila punika kedah wantun ngakeni ka­lepatan sarta nyuwun gunging sih wilasa dhumateng Gusti ingkang Maha Suci kanti cara mertobat. Ing Serat kasebataken ma­wi tetembungan pan sengko’ dibi’ ta’ enda’ da’ totor bagus, sang raja Angling Darma lebat ngennes dalem ate, pan atobat sang rato da’ ka dibana.
Kaping gangsal santosa ing tekad. Sanajan jejering ratu punika prasasat kanggenan saliring daya kasekten ananging salebetipun nindakaken waradharmaning ratu prayogi santosa ing tekad, awit kathah godha rancana saking setan sarta iblis ingkang saged dados pepalanging lampah.
Kados ingkang dipun ngendikaken Anglingdarma dhateng Patih Batik Madrim makaten ungelipun gun jalan pan raja coba, lamon kodu maksa ngereng, kodu kellar merrangenna gudana syetan ban bellis.***

Kepengin Dadi Kanca Nalika Anak-Anake Diwasa

Yen ngrembug bab artis kang mupu anak, wis mesthi kang nomer siji disebutake yaiku Angelina Jolie. Pemain film kang kondhang ayu lan pinter akting iki, dalah pacangane, Brad Pitt, mupu anak cacah telu. Ora baen-baen, tetelune saka wewengkon kang be­da. Beda negara, uga wis mesthi beda ras.
Anak kang sepisanan diadopsi yaiku Maddox Chivan saka Kambo­ja, rikala taun 2002. Bab iku du­madi nalika Angelina bubar syuting film Tomb Rider. “Nalika iku aku sadhar dene donya iki banget jem­bare, ora mung kaya kang sasu­wene iki dakbayangake,” kan­dhane.
Angelina banjur mawas diri, lan nyumurupi dene isih akeh bab kang luwih penting tinimbang film.
Isih durung marem, Angelina mupu anak ma­neh nalika nglawat ing Ethiopia taun 2005. Bayi wadon kang isih umur nem sasi di­pek anak, lan dijenengi Za­hara Marley.

Sawise iku, Angelina Jolie klakon raket karo Brad Pitt. Nanging kawigatene marang bayi kang kesrakat ora pu­pus. Dheweke banjur rem­bu­g­an klawan Brad Pitt, lan leloro­ne, kang misuwur kan­thi se­butan Brangelina, mu­tusi ngadopsi anak lanang saka Vietnam, Pax Thien.
Miturut Agelina, tetelu anak angkat kasebut ngowa­hi tatanan uripe. Dheweke malih ora dhemen foya-foya maneh, lan milih gaya urip kang sehat. Angelina uga ngrumangsani dene dadi wong tuwa iku jebule ora gampang. “Nalika pisanan ngrasakake dadi ibu, aku ngrumangsani yen angel, ora kaya nalika main peran dadi Lara Croft,” jlentrehe.
Saiki, dheweke lan pasangane wis nduwe anak kandhung, cacah telu, yaiku Shiloh Nouvel sarta si kembar Knox Leon lan Vivienne Marcheline. Sanadyan mang­kono, anggone nggulawenthah ora bot sih. Kabeh diopeni kanthi adil. “Aku seneng, lan ngenteni kabeh anakku ngan­­cik diwasa,” ujare Angelina kang uga penulis lan produser film In The Land of Blood and Honey iki. Dheweke nduwe niyat, bakal tumindak kadidene kanca nalika anak-anake ngancik diwasa.
Angelina Jolie asring ngajak kabeh anake plesir, utawa teka ing saweneh adi­cara. Iku amarge dheweke kepengin tetep rumaket marang kabeh putra-pu­trine. “Yen ta ana wancine anakku lagi ora kepengin crita marang aku, aku kepe­ ngin dheweke ngerti yen aku minangka ibu tansah tresna,” kandhane. (ama/nana)

Tugas saka Pak Dhosen

Wiwit mlebu kuliyah sepisanan, aku wis kesengsem karo sawiji­ning cewek kanca sakelasku. Jenenge Eva, saka Lamongan. Meneng-meneng aku pancen kerep ngga­tekake dheweke. Sapari polahe ing kelas aku mesthi ngerti. Apa maneh yen wayahe presentasi ing ngarep, bebasan kedhep wae wis ora kober.
Anggonku mendhem rasa iki ora ana kang ngerti. Kancaku cedhak wae uga ora dakcritani. Kuwatirku yen nganti aku crita mesthi kabeh padha ngerti. Aku pe­ngin cedhak dhewe karo dheweke tanpa mak comblang saka kanca-kanca. Mesthi wae aku rumangsa bingung, isin, lan wedi kanggo miwiti kabeh kuwi. Jalaran kanggo nindakake kabeh kuwi kanggoku ora gampang, butuh kuwanenan kang cukup.
Ewa semana akeh banget kang nye­dhaki Eva. Wiwit saka Riangga kanca nunggal kelas, nganti Widharma kanca beda kelas. Kabeh kuwi ora ana kang ka­sil ngepek atine Eva. Nganti wektu ku­liyah wis nyedhaki pungkasaning semester, aku isih durung bisa nindakake apa kang dakkarepake. Senajan sesambu­ngan­ku klawan dheweke lumaku apik, nanging kuwi mung winates kekancan wae. Saka tumindakku uga ora ngaton­ake yen sejatine aku seneng marang Eva. Ndilalah nalika ana prentah saka pak Karman supaya ngumpulake tugas akhir sacara kelompok, aku sakelompok karo Deni, Sukma lan Eva. Rasane kaya ngimpi wae.
“Eh, Rek, iki yen sumbere buku mung sing biyasane kanggo kuliyah, dakrasa isih kurang,” kandhane Eva miwiti pi­rembugan.
“Bener kuwi Va. Becike golek wacan menyang perpus. Yen isih kurang meng­ko neng jalan Semarang pa Blauran ae. Jarene murah-murah,” semaure Deni nam­bahi panemu.
“Ngono ya kenek,” Sukma melu mangsuli.
Saka pirembugan kelompok ya mung aku wae kang ora nduwe suwara. Kabeh padha medharake panguneg-unege. Rasane pancen aneh yen wis cedhak karo Eva, rasane mung blangkemen wae. Bi­sa diarani wis salting utawa salah ting­kahdhisik. Omong saomong kudu ngati-ati, wedi yen kliru. Yen jare pakar psiko­logi, apa kang dakrasakake ngene iki kle­bu rasa jaim, jaga image.
Sesuke nalika arep budhal menyang perpustakaan, ndilalah si Sukma ndadak njaluk digoncengake Deni. Gelem ora ge­lem aku kudu nggonceng Eva. Antarane se­neng len ndhredheg mula campur dadi siji. Ora ana ukara kang kawetu saka lam­beku sadawane dalan kampus me­nyang perpustakaan. Bareng wis tekan perpustakaan wusanane dadi getun. Ge­neya ana kalodhangan ora dakgunakake samesthine. Tujune nalika golek buku ing jalan Semarang lan Blauran, aku wiwit ngajak ngomong.
“Va, tugase rak dikumpulne pas UAS ta?” ngono pitakonku.
Sabanjure kuwi aku klawan dheweke tansaya akrab. Saben wayah nggarap tu­gas kelompok mesthi dakkoberake takon utawa dhiskusi. Tugas-tugas saka dhosen kuwi suwene suwe njalari se­sam­bu­nganku klawan dheweke tansaya raket. Atiku tansaya manteb ndadekake Eva minangka kanca ati.
Nanging apa kang dakrasakake kuwi ora bisa suwe. Bebasan winih dhele kang lagi thukul wis kesempar angin lesus. Na­lika lagi cangkrukan ing warkop Do­remi, akeh crita sing dakrungu saka Yoga lan Danang. Kanthi ora sengaja, salah sijine nyritakake ngenani Eva. Manut cri­tane, Eva kuwi wis nduwe pacar ing omahe kana. Malah kawit SMA. Mula ku­wi salah sijine sing dadi alasan dheweke ora bisa nampa tresnane Widharma lan Riangga.
“Wah, yen ngono berarti dudu jo­dho­ne. Tapi sasu­wene iki kok aku ora tau ngerti ya?” mangkono tang­gepanku ke­pengin ngerti luwih jero.
Sawise krungu kabar kuwi aku banjur takok-takok menyang bocah-bocah liyane. Wangsulane uga padha karo kang diomongake Yoga. Arep takok langsung me­nyang Eva rasane mokal banget. Ati wis semplah kela­ngan pangarep-arep. Tujune wae anggonku takok-takok mau ora ngundang sujananing bocah-bocah. Tegese anggonku mendhem rasa suwe­ne sasemester iki ora ana kang ngerteni.

Mbarengi lumakune wektu nganti tu­mekane liburan semester, sesambu­ngan­ku klawan Eva saya suwe saya adoh. Kaya adohe Ponorogo Lamongan. Ya krana tugas saka dhosen aku bisa cedhak klawan dheweke senajan mung saumure jagung. Kadadeyan kang nganti aku meh lulus kuliyah iki ora ana kang ngerteni, klebu Eva dhewe. Lan kabar ngenani Eva kuwi pancen bener. Muga-muga ana kancaku kang maca crita iki. Sokur-sokur yen Eva uga maca. **

  Sepanjang sejarahnya, aksara Jawa ditulis dengan sejumlah media yang berganti-ganti seiring waktu.   Aksara Kawi   yang menjadi nenek moya...